Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Wong Tuwa, Wulangen Anak-Anak Bèn Isa Nggawé Yéhuwah Seneng

Wong Tuwa, Wulangen Anak-Anak Bèn Isa Nggawé Yéhuwah Seneng

Yéhuwah nganggep bocah-bocah berharga. Upayané meréka bèn tambah sayang Yéhuwah, tambah kuwat imané, lan isa terus setya digatèkké Yéhuwah. (1Sam 2:26; Luk 2:52) Meskipun isih enom banget, bocah-bocah isa nggawé Yéhuwah seneng liwat tingkah lakuné sing apik. (WB 27:11) Liwat organisasiné, Yéhuwah nyedhiakké bacaan lan vidéo sing isa digunakké wong tuwa kanggo ndhidhik anak-anaké bèn sayang lan manut karo Yéhuwah.

DELOKEN VIDÉO BOCAH-BOCAH, KOWÉ ISA NGGAWÉ YÉHUWAH SENENG, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Yéhuwah wis ngekèki tuntunan kanggo bocah-bocah liwat apa waé?

  • Saiki ana bahan apa waé sing isa digunakké wong tuwa kanggo ndhidhik anaké?

  • Bocah-bocah, kowé wis ngrasakké manfaat saka bacaan utawa vidéo sing endi? Ngapa kok kowé njawab ngono?