Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

18-24 November

MAZMUR 107-108

18-24 November

Lagu 7 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. ”Ucapna Syukur marang Yéhuwah Merga Dhèwèké Apikan”

(10 men.)

Yéhuwah wis mbébaské awaké dhéwé saka ajaran lan pengaruh èlèk saka donya sing dikuwasani Sétan, kaya mbiyèn pas Dhèwèké mbébaské wong Israèl saka Babilon (Mzm 107:​1, 2; Kol 1:​13, 14)

Merga bersyukur karo Yéhuwah, awaké dhéwé muji Dhèwèké ing jemaat (Mzm 107:​31, 32; w07-IN 15/4 20 ¶2)

Awaké dhéwé isa tambah bersyukur nèk mikirké tenanan piyé Yéhuwah mbantu lan mberkahi awaké dhéwé (Mzm 107:43; w15-IN 15/1 9 ¶4)

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 108:9—Kira-kira ngapa kok Moab dipadhakké kaya ”baskom” sing dienggo wisuh Gusti Allah? (it-2-IN 145 ¶2)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(3 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. (lmd Pelajaran 1 nomer 4)

5. Mupuk Minat

(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Kandhanana soal pelajaran Alkitab karo Seksi Yéhuwah, terus kèkana kartu kontak pelajaran Alkitab. (lmd Pelajaran 9 nomer 3)

6. Ceramah

(5 men.) ijwyp 90—Judhul: Piyé Carané Bèn Ora Nduwé Pikiran Négatif? (th Pelajaran 14)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 46

7. Nyanyi kanggo Ngucap Syukur karo Yéhuwah

(15 men.) Rembugan.

Sakwisé dislametké Yéhuwah saka pasukan Mesir ing Laut Merah, wong Israèl bersyukur lan nyanyi muji Yéhuwah. (Pa 15:​1-19) Wektu kuwi wong-wong lanang sing mimpin wong-wong liyané nyanyi. (Pa 15:21) Yésus lan wong Kristen jamané para rasul ya nyanyi muji Yéhuwah. (Mat 26:30; Kol 3:16) Kèt mbiyèn nganti saiki, awaké dhéwé ya nyanyi ing pertemuan ibadah, pertemuan wilayah, lan pertemuan gabungan wilayah kanggo mbuktèkké nèk bersyukur karo Yéhuwah. Misalé, lagu ”Nuwun Yéhuwah” sing dinyanyèkké mau wis dinyanyèkké ing pertemuan ibadah kèt taun 1966.

Ing beberapa dhaérah, wong lanang isin nèk dikon nyanyi. Terus ya ana sing ora gelem nyanyi merga ngrasa swarané ora apik. Tapi awaké dhéwé kudu éling nèk nyanyi kuwi bagéan saka ibadah. Lagu-lagu ing pertemuan ibadah ya wis disiapké tenanan karo organisasiné Yéhuwah lan wis dipikirké tenan lagu nomer pira sing cocog kanggo saben pertemuan ibadah. Awaké dhéwé mung tinggal nyanyi bareng sedulur-sedulur liya kanggo mbuktèkké nèk sayang lan bersyukur karo Yéhuwah.

Setèlen VIDÉO Organisasi Terus Maju Kèt Mbiyèn Nganti Saiki—Lagu Kuwi Anugrah, Bagéan 2. Terus takona:

  • Ana peristiwa apa pas taun 1944?

  • Apa buktiné nèk sedulur-sedulur ing Siberia menghargai lagu-lagu kanggo ngibadah?

  • Ngapa kok Seksi-Seksi Yéhuwah nganggep nèk nyanyèkké lagu-lagu kanggo ngibadah kuwi penting banget?

8. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 18 ¶6-15

Penutup (3 men.) | Lagu 73 lan Donga