Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

2-8 September

MAZMUR 79-81

2-8 September

Lagu 29 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Mbuktèkké Nèk Sayang Yéhuwah lan Péngin Ngluhurké Jenengé

(10 men.)

Ora melakukan sesuatu sing marakké jenengé Yéhuwah dièlèk-èlèk (Mzm 79:9; w17.02 10 ¶5)

Muji lan nyebut jenengé Yéhuwah (Mzm 80:18; Rm 10:13; ijwbv 3 ¶4-5)

Yéhuwah mberkahi wong-wong sing manut merga sayang Dhèwèké lan péngin ngluhurké jenengé (Mzm 81:​13, 16)

Bèn tingkah lakuné awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah, kudu ngandhani wong liya nèk awaké dhéwé Seksi-Seksi Yéhuwah

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 80:1—Ngapa kok kadhang-kadhang kabèh suku Israèl disebut nganggo jenengé Yusuf? (it-2-IN 1337 ¶2-3)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(1 men.) ING OMAH-OMAH. Tawakna pelajaran Alkitab. (lmd Pelajaran 4 nomer 4)

5. Mulai Omong-omongan

(3 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Tawakna pelajaran Alkitab. (lmd Pelajaran 4 nomer 3)

6. Mulai Omong-omongan

(2 men.) ING PANGGONAN UMUM. Tawakna pelajaran Alkitab. (lmd Pelajaran 3 nomer 3)

7. Mupuk Minat

(5 men.) ING OMAH-OMAH. Tawakna pelajaran Alkitab karo wong sing berminat sing mbiyèn ora gelem sinau Alkitab. (lmd Pelajaran 8 nomer 3)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 10

8. ”Wong-Wong Kuwi Bakal Ngluhurké Jeneng-Ku”

(15 men.) Rembugan.

Pas ing Taman Èden, Sétan nudhuh Yéhuwah. Jenengé Yéhuwah dadi dièlèk-èlèk. Sejak kuwi, kabèh manungsa lan malaékat kudu nggawé keputusan sing penting, gelem ngluhurké jenengé Yéhuwah apa ora.

Tudhuhané Sétan soal Yéhuwah kuwi jahat banget. Dhèwèké nudhuh Yéhuwah kuwi penguasa sing kejem lan ora sayang umaté. (PD 3:​1-6; Ayb 4:​18, 19) Dhèwèké ya nudhuh umaté Yéhuwah ora tulus sayang karo Yéhuwah. (Ayb 2:​4, 5) Bahkan dhèwèké ya marakké jutaan wong percaya nèk Yéhuwah dudu Pencipta alam semesta lan bumi sing indah iki.—Rm 1:​20, 21.

Piyé perasaané njenengan wektu ngerti soal kuwi? Mesthi péngin mbéla Yéhuwah, ta? Yéhuwah yakin nèk umaté mesthi péngin mèlu ngluhurké jenengé. (Bandhingna karo Yésaya 29:23.) Piyé carané ngluhurké jenengé Yéhuwah?

  • Mbantu wong liya bèn kenal lan sayang Yéhuwah. (Yoh 17:​25, 26) Kudu selalu siap njelaské bukti-bukti nèk Yéhuwah ana lan nyritakké soal sifat-sifaté.—Yés 63:7

  • Sayang Yéhuwah saktulusé ati. (Mat 22:​37, 38) Manut Yéhuwah dudu mung bèn éntuk manfaat, tapi sing paling penting merga péngin nggawé Yéhuwah seneng.—WB 27:11

Setèlen VIDÉO Katresnan Bakal Ana Sakterusé Senajan . . . Ngalami Tentangan ing Sekolah. Terus takona:

  • Piyé carané Ariel karo Diego mbéla Yéhuwah?

  • Ngapa kok meréka péngin mbéla Yéhuwah?

  • Piyé carané niru meréka?

9. Sinau Alkitab Jemaat

Penutup (3 men.) | Lagu 90 lan Donga