Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

7-13 Oktober

MAZMUR 92-95

7-13 Oktober

Lagu 84 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Nglayani Yéhuwah Kuwi Keputusan sing Paling Apik

(10 men.)

Yéhuwah mémang pantes dilayani (Mzm 92:​1, 4; w18.04 28 ¶5)

Yéhuwah ngèki tuntunan bèn abdiné isa nggawé keputusan sing apik lan bahagia (Mzm 92:5; w18.11 23 ¶8)

Yéhuwah nganggep berharga wong-wong sing nglayani Dhèwèké meskipun wis tuwa (Mzm 92:​12-15; w20.01 19 ¶18)

PIKIRNA: ’Apa sing marahi aku ragu-ragu kanggo ngabdi karo Yéhuwah lan dibaptis?’

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 92:5—Ngapa kok kawicaksanané Yéhuwah kuwi luar biasa? (cl-IN 176 ¶18)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Pas ngobrol, golèka kesempatan kanggo crita nèk njenengan seneng mbantu wong liya sinau Alkitab. (lmd Pelajaran 5 nomer 3)

5. Mupuk Minat

(3 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Tawakna pelajaran Alkitab karo wong sing berminat sing mbiyèn ora gelem sinau Alkitab. (lmd Pelajaran 8 nomer 4)

6. Ndadèkké Murid

(5 men.) Rembugan karo wong sing sinau Alkitab sing ora maju-maju. (lmd Pelajaran 12 nomer 5)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 5

7. Pas Cah-Cah Enom Terus-terusan Ngrasa Kuwatir

(15 men.) Rembugan.

Umaté Yéhuwah ora bébas saka rasa kuwatir. Misalé, Daud ngrasa kuwatir saben dina. Akèh abdiné Yéhuwah jaman saiki ya ngrasa kaya ngono. (Mzm 13:2; 139:23) Bahkan cah enom ya isa ngrasa kuwatir. Kadhang merga kuwatir, hal sing biasa, misalé mangkat sekolah utawa ngibadah, rasané dadi abot banget. Malah ya ana sing nganti ngalami serangan panik utawa péngin bunuh diri.

Cah-cah enom, nèk pas lagi ngrasa kuwatir banget, critakna kuwi karo wong tuwamu utawa wong liya sing mbok percaya. Ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah. (Flp 4:6) Yéhuwah bakal nulungi kowé. (Mzm 94:17-19; Yés 41:10) Gatèkna pengalamané Steing.

Setèlen VIDÉO Yéhuwah Nggatèkké Aku. Terus takona:

• Ayat Alkitab endi sing nguwatké Steing, lan ngapa?

• Piyé Yéhuwah nguwatké Steing?

Piyé wong tuwa isa mbantu anak-anaké ngatasi kuwi? Wong tuwa isa sabar ngrungokké pas anak-anaké crita, nduduhké nèk sayang meréka, lan mbantu anak-anak bèn yakin nèk Yéhuwah sayang meréka. (Tit 2:4; Yak 1:19) Wong tuwa isa njaluk kekuwatan saka Yéhuwah bèn isa mbantu anak-anak.

Awaké dhéwé mungkin ora ngerti sapa waé sedulur ing jemaat sing lagi berjuang ngatasi perasaan kuwi utawa ora bener-bener paham perasaané meréka. Tapi awaké dhéwé tetep isa mbantu. Awaké dhéwé isa nggawé sedulur-sedulur ngrasa disayangi lan digatèkké.—WB 12:25; Ibr 10:24.

8. Sinau Alkitab Jemaat

Penutup (3 men.) | Lagu 81 lan Donga