Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Cah Enom, Gèk Ndang Mlebua Liwat ’Lawang sing Amba’

Cah Enom, Gèk Ndang Mlebua Liwat ’Lawang sing Amba’

Cah enom isa waé mikir nèk bakal enom terus lan ora bakal ngadhepi ”dina-dina kang ala” ing donya iki. (Ko 12:1) Nèk kowé isih enom, apa kowé ora péngin nduwé cita-cita rohani lan nggunakké luwih akèh wektu kanggo ngabdi marang Yéhuwah?

Awaké dhéwé kabèh klebu cah enom, isa waé ngalami kahanan sing ora dinyana-nyana. (Ko 9:11) ”Kowé padha ora sumurup apa kang bakal kalakon ing dina sésuk.” (Yb 4:14) Mula, nèk pancèn isa, gèk ndang gunakna wektumu kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Mlebua liwat ’lawang sing amba kanggo nindakaké ayahan kang agung lan wigati’ mumpung isih isa. (1Kr 16:9) Kowé ora bakal gela.

Cita-cita rohani kuwi contoné:

  • Nginjil nganggo basa liya

  • Merintis

  • Mèlu sekolah-sekolah Alkitab

  • Mèlu ndhukung proyèk pembangunan

  • Ngabdi ing Bètel

  • Dadi pinituwa wilayah

Tulisen cita-cita rohanimu.