Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | 2 YOHANES 1-13; 3 YOHANES 1-14YUDAS 1-25

Ngupaya Tenanan Bèn Tetep Setya

Ngupaya Tenanan Bèn Tetep Setya

Yud 3

Yésus ngélingké, ”Ngupayaa sakuwaté tenagamu kanggo mlebu liwat lawang sing sempit.” (Luk 13:24) Kata-katané Yésus kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan nèk péngin nyenengké Yéhuwah. Yudas, seduluré Yésus, ya nulis nèk awaké dhéwé kudu ”mempeng mbélani iman”. Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan kanggo:

  • Ngedohi hubungan sèks sing ora sah.​—Yud 6, 7

  • Ngajèni wong-wong sing nduwé wewenang ing jemaat.​—Yud 8, 9

  • Luwih percaya karo ’iman sing paling suci’, yaiku ajaran Kristen.​—Yud 20, 21