Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 1-3

”Aku Ngerti Apa sing Kok Tindakké”

”Aku Ngerti Apa sing Kok Tindakké”

1:20; 2:1, 2

  • ”Pitung bintang”: Para pinituwa terurap, lan ya termasuk kabèh pinituwa

  • ”Ing tangané tengen”: Yésus nduwé wewenang kanggo ngawasi, ngarahké, lan ngendhalèkké bintang-bintang kuwi. Nèk ana pinituwa sing butuh dikorèksi, Yésus bakal mastèkké kuwi ditindakké ing wektu sing cocog lan nganggo carané Yésus

  • ”Pitung wadhah lampu saka emas”: Jemaat-jemaat Kristen. Kaya wadhah lampu ing tabernakel sing mancarké sinar, jemaat-jemaat Kristen martakké wulangan sing bener saka Gusti Allah. (Mat 5:14) Yésus ”mlaku ing tengah-tengahé” wadhah-wadhah lampu kuwi maksudé Yésus ngawasi kegiatané kabèh jemaat