Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Ngedohi Pengaruhé Donya Wektu Nggawé Rencana Pernikahan

Ngedohi Pengaruhé Donya Wektu Nggawé Rencana Pernikahan

Akèh keputusan sing kudu digawé pasangan Kristen sing arep nikah. Wong loro kuwi isa waé kegodha kanggo nggawé acara sing méwah kaya kebiasaané wong-wong ing sekitaré. Isa waé kanca-kanca lan keluarga ya nduwé akèh idé kanggo acarané. Pathokan Alkitab apa sing isa mbantu pasangan Kristen nggawé acara pernikahan sing nyenengké lan ora nggawé gela?

DELOKEN VIDÉO ACARA PERNIKAHAN SING NGLUHURKÉ YÉHUWAH, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Piyé pathokan-pathokan Alkitab iki mbantu Niko lan Yuliana?

  • Apa alesané pasangan sing arep nikah kudu milih salah siji sedulur sing diwasa rohaniné kanggo dadi ”ketua pésta”?​—Yoh 2:9, 10.

  • Apa waé pilihan sing digawé Niko lan Yuliana kanggo acara pernikahané, lan apa alesané?

  • Sapa sing nduwé tanggung jawab nggawé keputusan kanggo acara pernikahané?​—w06-IN 15/10 25 ¶10.