Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Tandhané Wong Kristen Kuwi Katresnan​—⁠Bungah Merga Apa sing Bener

Tandhané Wong Kristen Kuwi Katresnan​—⁠Bungah Merga Apa sing Bener

PENTING MERGA: Bèn isa niru Yésus, kita kudu martakké wulangan sing bener bab kersané Gusti Allah. (Yoh 18:37) Senajan urip ing donya sing kebak bab-bab ala, kita kudu seneng karo apa sing bener, ngomongké apa sing bener, lan mikirké apa sing bener.​—1Kor 13:6; Flp 4:8.

CARANÉ:

  • Aja ngrungokké utawa nyebarké omongan sing ora bener.​—1Tés 4:11

  • Aja seneng nèk ndelok wong liya sengsara

  • Seneng karo bab-bab sing positif lan sing isa nguwatké

DELOKEN VIDEO ”PADHA TRESNA-TINRESNANANA”—BUNGAH ORA AWIT SAKA ANANÉ TUMINDAK KANG ORA ADIL, NANGING MERGA KAYEKTÈN, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sing ditindakké Debi sing nduduhké nèk dhèwèké ”bungah merga apa sing ora bener”?

  • Piyé Elis ngarahké omongané ing bab sing luwih positif wektu omong-omongan karo Debi?

  • Bab apik apa waé sing isa kita omongké?

Bungah merga apa sing bener, dudu merga apa sing ora bener