Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Luwih Trampil Nginjil—Ngajak Wong sing Tanggepané Apik Teka ing Pakumpulan Ibadah

Luwih Trampil Nginjil—Ngajak Wong sing Tanggepané Apik Teka ing Pakumpulan Ibadah

PENTING MERGA: Ing pakumpulan ibadah, awaké dhéwé isa terus ’ngrepèkaké kidung kagem Pangéran Yéhuwah’ lan ngluhurké Yéhuwah. (Ms 149:1) Ing kono, awaké dhéwé sinau carané nindakké kersané Yéhuwah. (Ms 143:10) Wong sing tanggepané apik lan sing sinau Alkitab biasané dadi luwih péngin ngabdi marang Yéhuwah sakwisé teka ing pakumpulan ibadah.

CARANÉ:

  • Wènèhana undangan. Panjenengan ora perlu ngentèni wongé gelem sinau Alkitab.Wy 22:17

  • Terangna apa waé sing bakal dirembug ing pakumpulan ibadah marang wong sing tanggepané apik. Panjenengan isa nggunakké undangan pakumpulan ibadah, vidhéo Ana Acara Apa Waé ing Balé Ibadah?, lan buku Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki? bab 5 lan 7

  • Tawakna bantuan. Apa wong sing tanggepané apik kuwi perlu diajak bareng lunga menyang pakumpulan ibadah utawa dikandhani bab klambi sing cocog? Ing pakumpulan ibadah, lungguha ing sebelahé, lan diajak bareng-bareng nggunakké wacan sing lagi dirembug ing kono. Kenalna wong kuwi karo sedulur liyané