Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Nèk sing Mbukak Lawang Cah Cilik

Nèk sing Mbukak Lawang Cah Cilik

Nèk sing mbukak lawang cah cilik, awaké dhéwé kudu ngomong nèk arep ketemu karo wong tuwané. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni wong tuwané. (WB 6:20) Nèk bocah kuwi ngongkon mlebu, aja gelem. Nèk wong tuwané ora ana ing omah, awaké dhéwé isa mara manèh dina liya.

Nèk bocah kuwi mbokmenawa umuré 15-19 taun, awaké dhéwé tetep kudu njaluk ketemu dhisik karo wong tuwané. Nèk wong tuwané ora ana ing omah, mbokmenawa awaké dhéwé isa takon apa wong tuwané ngéntukké dhèwèké milih dhéwé wacan sing arep diwaca. Nèk éntuk, awaké dhéwé isa nawakké wacan lan mbokmenawa nduduhké jw.org.

Wektu marani manèh bocah sing tanggepané apik, awaké dhéwé kudu nemoni wong tuwané kanggo nerangké tujuané awaké dhéwé teka, lan nduduhké nèk Alkitab mènèhi tuntunan sing isa dipercaya kanggo keluarga. (Ms 119:86, 138) Nèk awaké dhéwé ngajèni wong tuwané, kuwi isa mbantu wong tuwané gelem nampa kabar apik, lan malah mbokmenawa isa nginjil karo keluarga kuwi.1Pt 2:12.