Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Kerja Kerasé Sedulur-Sedulur kanggo Nggawé Vidéo Kisah Pelayanané Yésus

Kerja Kerasé Sedulur-Sedulur kanggo Nggawé Vidéo Kisah Pelayanané Yésus

1 OKTOBER 2024

 Taun iki sing paling ditunggu-tunggu Seksi-Seksi Yéhuwah yaiku vidéo Kisah Pelayanané Yésus Episode 1. Akèh sedulur-sedulur sing wis nonton kuwi lan isih ana 17 episode manèh. Piyé kerja kerasé sedulur-sedulur kanggo nggawé proyèk iki? Apa manfaaté sumbangané njenengan kanggo proyèk iki?

Nyedhiakké Kebutuhané Para Kru lan Pemeran

 Vidéo Kisah Pelayanané Yésus akèh-akèhé disyuting ing kantor cabang Australasia. Saben syuting siji adegan, ana kira-kira 50 nganti 80 pemeran lan kru a, makané dibutuhké panganan lan cemilan sing cukup. Suwé sakdurungé, sedulur-sedulur sing ditugasi kanggo nyedhiakké panganan wis mikirké menuné apa waé. Sedulur Esther sing nglayani ing Departemèn Layanan Makanan ngomong, ”Bèn isa éntuk bahan pangan sing kualitasé apik lan ora patia larang, kami tuku saka panggonan sing béda-béda, terus menuné ya kerep diganti bèn ora ana bahan pangan sing kebuwang.” Saben dina, butuh biaya kira-kira 60 èwu rupiah kanggo mangan wong siji.

 Sing dipikirké ora mung persediaan panganané thok, tapi ya keséhatané para kru lan pemeran. Cuaca ing Australia kuwi cerah lan ora patia panas, tapi tingkat radiasi matahari ing kana dhuwur. Bèn kabèh pemeran lan kru ora kesuwèn kena radiasi matahari utawa kekeselen, makané ana sedulur-sedulur sing ditugasi kanggo nyiapké panggonan kanggo ngéyub. Ing kana ya disedhiakké sunscreen, payung, lan ombé. Sedulur Kevin sing nglayani ing Layanan Audio/Vidéo ngomong, ”Sedulur-sedulur kuwi akèh-akèhé para rélawan ing Bètel. Meréka gelem dikèki tugas apa waé, terus pas nglakoni tugasé meréka ya seneng. Proyèk iki isa berhasil merga didhukung meréka.”

Syuting ing Panggonané Langsung

 Ing kantor cabang, ana studio lan ana panggonan khusus sing digawé mirip kaya jaman mbiyèn kanggo syuting, tapi ana beberapa adegan sing hasilé dadi kurang apik nèk syutingé ing kono. Makané, kudu nggolèk panggonan liya sing keadaané mèh padha karo jaman mbiyèn, misalé sing ora ana tiang listriké, dalané ora diaspal, lan ora ana bangunan-bangunan kaya saiki. Nah panggonan-panggonan kuwi jaraké adoh saka kantor cabang. Kabèh kostum, properti syuting, lan peralatan liyané kudu digawa mrana lan disimpen ing panggonan sing aman. Sakdurungé mulai syuting, ana sedulur-sedulur lanang sing mastèkké ing kana ana gènsèt, banyu kanggo ngombé, lan toilèt. Terus, para kru lan pemerané manggon ing omahé sedulur-sedulur utawa ing penginepan.

Syuting ing panggonané langsung kuwi ora gampang

 Nèk syutingé ing panggonan liya, mesthi butuh wektu luwih suwé, biayané larang, terus sedulur-sedulur sing ngerjakké proyèk kuwi isa kekeselen. Mula, pas taun 2023 Pengurus Pusat setuju kanggo tuku video wall sing regané luwih saka 38 milyar rupiah. Video wall kuwi latar vidéo sing gambaré mirip banget karo asliné. Kualitas gambar karo pencahayaané apik banget. Hasil gambaré isa kaya nèk syuting ing panggonané langsung. Nganggo video wall iki luwih hémat biaya timbang syuting ing panggonané langsung. Darren, anggotané Panitia Cabang Australasia, ngomong, ”Nèk nganggo video wall, sedulur-sedulur dadi ora kekeselen, terus siji adegan isa disyuting ping bola bali. Misalé pas latar adegané matahari terbenam, nèk syutingé ing panggonané langsung, adegané kudu cepet-cepet disyuting sakdurungé matahariné bener-bener ilang. Tapi nèk nganggo video wall, latar matahari terbenamé isa ditampilké bola bali nganti kru-né isa éntuk hasil rekaman sing paling apik.”

Peralatan video wall sing anyar dicoba lan dicèk dhisik sakdurungé mulai syuting

”Pengorbananku Ora Ana Apa-apané”

 Kanggo nggawé siji episode Kisah Pelayanané Yésus, dibutuhké atusan pemeran lan akèh kru. Piyé perasaané sedulur-sedulur sing ndhukung proyèk iki?

 Sedulur Amber sing manggon ing Melbourne kudu lunga adoh luwih saka 700 kilomèter kanggo ndhukung proyèk iki. Dhèwèké crita, ”Pas tekan bandara, ing kana wis ana sedulur-sedulur saka Bètel sing nyambut aku. Sedulur-sedulur ing Bètel ya ngundang aku kanggo mangan bareng. Pas ing lokasi syuting, sedulur-sedulur ya nggatèkké aku lan aku dadi ngrasa nyaman. Nèk dibandhingké berkah sing tak tampa, pengorbananku ora ana apa-apané.”

 Sedulur Derek sing mbantu ing bagian tim produksi crita, ”Kèt awal proyèk iki, sedulur-sedulur saka departemèn liya ya terus mbantu kami. Aku terharu ndelok akèh sedulur gelem ngorbanké wektuné, tenagané, lan dhuwité bèn isa ndhukung proyèk iki. Wong-wong kuwi gelem dijak kerja sama, réla, lan apikan. Yéhuwah bener-bener mberkahi kabèh sing mèlu proyèk iki. Aku yakin nèk Yéhuwah ora mung mbantu bèn hasilé isa apik, tapi ya mbantu bèn proyèké isa lancar nganti rampung.”

 Proyèk iki ya isa lancar merga sumbangané njenengan, termasuk sing dikirimké liwat donate.pr418.com. Maturnuwun merga njenengan wis murah hati.

a Kantor cabang Australasia ngawasi gawéané organisasi ing beberapa negara, termasuk Australia lan beberapa pulau ing Pasifik Selatan. Lokasiné kantor cabang Australasia ana ing pinggiran kota Sydney, Australia.