Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Peralatan Audio/Vidéo ing Pertemuan Gabungan Wilayah

Peralatan Audio/Vidéo ing Pertemuan Gabungan Wilayah

1 JULI 2024

 Selama 130 taun luwih, Seksi Yéhuwah selalu ngumpul ing acara pertemuan gabungan wilayah saben taun. Ing acara iki, ana 40 ceramah luwih sing disampèkké. Terus ya ana musik, wawancara, lan vidéo-vidéo. Bèn sing teka isa éntuk manfaat, acarané kudu jelas pas ”didelok lan dirungokké”. (Lukas 2:20) Piyé sumbangané njenengan digunakké kanggo ndhukung acara iki?

Kenapa Butuh Peralatan Audio/Vidéo Dhéwé?

 Mémang, ing beberapa panggonan sing diséwa kanggo pertemuan gabungan wilayah wis ana peralatan audio vidéoné. Terus nèk ngono, ngapa kok awaké dhéwé butuh peralatan dhéwé? Sedulur David sing nglayani ing Departemèn Siaran Kantor Pusat njelaské nèk peralatan audio/vidéo ing gedhung sing diséwa biasané ora dirancang kanggo ngrungokké ceramah sing suwéné enem jam luwih. Misalé nèk ing stadion, pas pertandingan olahraga paling mung ana pengumuman utawa musik sing singkat. Terus sing ditampilké ing layar mung skor pertandingan, iklan, utawa tayangan ulang. Tapi nèk ing pertemuan gabungan wilayah, ana akèh ceramah lan vidéo sing ditonton. Makané butuh peralatan audio/vidéo sing isa ngasilké kualitas gambar lan swara sing apik.

 Sedulur-sedulur ing Departemèn Siaran Setempat ing saben kantor cabang bakal nggawé perencanaan sesuai karo saben panggonan pertemuan sing diséwa. Pertama, meréka kudu ngerti sik panggonan sing arep dienggo, panggonan kuwi isa muat pirang wong, lan kira-kira pira sing bakal teka ing acarané. Bar kuwi meréka bakal nggawé dénah kursiné. Saka kono meréka isa ngerti jumlah speaker karo layar vidéo sing dibutuhké. Meréka ya bakal nentokké ing ngendi waé peralatan kuwi dipasang, piyé jalur kabelé, lan peralatan apa waé sing dibutuhké. Perencanaan sing apik kaya ngono mesthi bermanfaat kanggo kabèh sing teka bèn isa menikmati acarané.

Sedulur-sedulur saka Departemèn Siaran Setempat masang peralatan sesuai dénah sing wis digawé

 Nèk acara pertemuané diterjemahké ing beberapa basa, perencanaané dadi luwih rumit lan peralatan sing dipasang ya luwih akèh. Merga sing nerjemahké kudu isa ngrungokké lan ndelok sing ceramah, kudu ana peralatan audio/vidéo sing disiapké kanggo meréka. Terus, swarané sing nerjemahké bakal disiarké liwat saluran radio sing béda-béda sesuai basané. Awaké dhéwé ya nggunakké software khusus bèn swara penerjemahé tetep sesuai karo vidéoné sing ceramah, bahkan nèk acarané kudu diterjemahké nganti wolu basa. Sedulur David ngomong nèk iki rumit banget. Makané sedulur-sedulur sing mbantu ing bagéan iki kudu sing wis bener-bener terlatih.

 Akèh kantor cabang sing wis nduwé peralatan audio/vidéo dhéwé kanggo pertemuan gabungan wilayah. Peralatan-peralatan kuwi, termasuk sing cilik-cilik, bakal dikirim ing kutha-kutha sing dadi lokasi pertemuan gabungan wilayah. Misalé ing cabang Amerika Serikat, saben taun butuh telung milyar rupiah luwih kanggo ngirim peralatan-peralatan kuwi. Meskipun kétoké akèh, tapi kuwi isih luwih murah ketimbang kantor cabang nukokké peralatan kanggo saben kutha. Sedulur Steven sing ngawasi tim audio/vidéo ing salah siji pertemuan ing Kanada ngomong, ”Tim audio/vidéo bakal mastèkké ora ana peralatan sing ilang, termasuk sing cilik-cilik kaya mur, baut, kabel, lan liya-liyané. Dadi kuwi isa dienggo manèh ing kutha-kutha liyané.”

Tuku lan Ngrawat Peralatané

 Nyéwa peralatan audio/vidéo kuwi larang banget, terus ya durung tentu kualitasé apik. Makané biasané organisasi tuku peralatan audio/vidéo dhéwé. Saiki, siji layar videotron sing dawané limang mèter lan ambané telung mèter kuwi regané isa nganti patang atus juta rupiah. Terus, kabel mikrofon sing dawané 15 mèter regané isa nganti telung atus rupiah. Makané Departemèn Siaran bakal kerja sama karo Departemèn Pembelian kanggo tuku peralatan-peralatan kuwi. Tapi sakdurungé, meréka bakal ”ngétung biayané dhisik”. (Lukas 14:28) Misalé, meréka bakal mikirké apa waé keuntungané nèk nggunakké peralatan dhéwé? Apa mémang kudu tuku utawa isa nyéwa? Nèk kudu tuku, mèh disimpen ing endi? Terus, apa ana sedulur-sedulur sing isa dilatih kanggo ngrawat peralatan kuwi?

 Bèn menghémat sumbangané sedulur-sedulur, peralatan kuwi bakal kerep dicèk. Terus nèk ana kerusakan bakal ndang didandani. Pas dikirim ing kutha liya, peralatan kuwi bakal dilebokké ing wadhah khusus bèn ora rusak selama perjalanan. Terus nèk wadhahé rusak, kuwi ya bakal didandani.

Sedulur-sedulur ngecèk lan ndandani peralatan audio/vidéo

Kesan sing Apik

 Ana wong-wong sing dudu Seksi Yéhuwah terkesan karo kualitas vidéo lan swara sing apik pas teka ing pertemuan gabungan wilayah. Sedulur Jonathan sing mèlu masang peralatan audio/vidéo crita nèk ana pegawai sing kerja ing perusahaan radio lan TV sing terkenal ing sak donya sing teka ing pertemuan gabungan wilayah. Wong kuwi kagum pas ngerti nèk sedulur-sedulur sing masang peralatané kuwi mung rélawan lan dudu wong sing ahli ing bidang kuwi. Wong kuwi ya ngomong nèk Seksi Yéhuwah kuwi hébat soalé masang peralatan kaya ngono ora nganti rong dina wis rampung, padahal nèk ing perusahaané butuh wektu limang dina. Terus ing siji panggonan sing diséwa kanggo pertemuan gabungan wilayah, manajeré ngomong nèk meskipun panggonané wis kerep diséwa kanggo acara-acara sing gedhé, tapi sing kerjané paling apik kuwi ya mung Seksi Yéhuwah.

Sedulur-sedulur lagi menikmati pertemuan gabungan wilayah

 Pas teka ing pertemuan gabungan wilayah, mungkin perasaané njenengan padha kaya Sedulur David saka Inggris. Dhèwèké ngomong, ”Saiki umurku 88 lan kèt bayi aku wis teka ing pertemuan gabungan wilayah. Tapi, pertemuan gabungan wilayah saiki luwih apik soalé ana akèh vidéoné. Aku dadi péngin terus nggatèkké kabèh acarané. Terus, aku ya luwih paham karo ceramah-ceramahé. Saking apiké, aku ngrasa kétoké lagi waé mulai, tapi kok ujug-ujug wis rampung.” Sedulur Mikel saka Nigeria ya ngomong, ”Merga kualitas gambar karo swarané apik, sedulur-sedulur dadi isa konsèntrasi selama acara lan ora ana sing ngantuk.”

 Pertemuan gabungan wilayah lan pertemuan istiméwa taun iki témané ”Martakké Kabar Apik”. Pas teka ing acara kuwi, coba pikirna apa waé sing wis diupayakké bèn kabèh sing teka isa bener-bener menikmati acarané. Sumbangané njenengan, termasuk sing dikirim liwat donate.pr418.com, kuwi salah siji tujuané dienggo ndhukung acara-acara kaya ngéné. Kami péngin ngucapké maturnuwun merga njenengan wis murah hati.