SAKA ARSIPÉ SEKSI-SEKSI YÉHUWAH
Meskipun Uripé Susah, Tapi Terus Nglayani Yéhuwah
Ing akèh negara, merga biaya hidup tambah larang, akèh wong angèl nyukupi kebutuhané, termasuk Seksi-Seksi Yéhuwah. Tapi Seksi-Seksi Yéhuwah ora terlalu kuwatir, merga ngerti nèk Yéhuwah ”ora bakal ninggalké umaté”. (Ibrani 13:5) Yéhuwah selalu nepati janjiné. Kuwi termasuk ing Filipina. Akèh wong ing kana uripé susah. Apa manèh pas taun 1970-an nganti 1980-an, ing kana ana krisis ékonomi.
Sedulur wédok sing jenengé Vicky kandha ngéné, ”Kadhang, aku nganti nangis merga ora nduwé panganan. Seringé aku mung nduwé beras, uyah, lan banyu.” a Ana manèh sedulur Florencio. Dhèwèké ora nduwé gawéan. Dhèwèké kandha, ”Aku mung nduwé telu kathok lan telu keméja. Dadi sing tak enggo ing pertemuan ibadah lan pertemuan wilayah ya mung kuwi-kuwi thok.” Piyé umaté Yéhuwah isa bertahan wektu ngadhepi masalah kuwi? Piyé carané meréka isa tetep setya nglayani Yéhuwah? Wektu keadaané berubah, piyé awaké dhéwé isa niru contoné meréka?
Meréka Percaya karo Yéhuwah
Sedulur-sedulur ing Filipina percaya nèk Yéhuwah bakal ngopèni meréka pas keadaané susah. (Ibrani 13:6) Seringé, carané Yéhuwah mbantu meréka kuwi ora disangka-sangka. Misalé, ana sedulur wédok sing jenengé Cecille crita, ”Beras sing terakhir wis tak masak kanggo sarapan. Dadi aku, bojoku, lan anakku loro ora ngerti mengko mangan apa. Makané kami ndonga karo Yéhuwah. Terus wektu isih sarapan, ana sedulur lanang sing teka karo nggawa limang kilo beras. Kami seneng banget nganti nangis. Kami bersyukur banget karo Yéhuwah. Kami ya isih nduwé akèh pengalaman sing kaya ngono.”
Umaté Yéhuwah ya manut karo naséhat saka Alkitab. (Wulang Bebasan 2:6, 7) Misalé, sedulur wédok sing durung suwé dibaptis sing jenengé Arcelita. Wektu kuwi, dhèwèké durung nduwé bojo lan angèl arep nyukupi kebutuhané. Dhèwèké ndonga lan nyritakké kabèh kekuwatirané karo Yéhuwah. Dhèwèké ya ngrenungké Wulang Bebasan 10:4 sing isiné, ”Wong sing kesèd bakal dadi mlarat, ning wong sing sregep bakal dadi sugih.” Dhèwèké péngin manut naséhat kuwi. Mulané dhèwèké mulai nandur-nandur. Arcelita kandha, ”Yéhuwah bener-bener mberkahi upayaku. Hasilé nandur-nandur mau ora mung cukup kanggo mangan thok, tapi ya isa tak enggo biaya transportasiku.“
Meréka Nganggep Penting Pertemuan Ibadah
Sedulur-sedulur ing Filipina ora nduwé dhuwit kanggo tuku tanah lan kanggo mbangun Balai Ibadah. Tapi, meréka tetep berupaya ngumpul kanggo ngibadah lan saling nguwatké. (Ibrani 10:24, 25) Misalé sedulur Deborah crita ngéné, ”Aku karo kanca perintisku mbangun gubug cilik sing isa dienggo ngumpul kira-kira wong enem. Dadi kami ngibadah ing kono. Nah gubugé mau atapé saka godhong palem, kursiné saka batang wit palem, terus témboké saka batang lan godhong wit kelapa.”
Biasané, ngibadahé ing omah-omahé sedulur. Sedulur Virginia crita, ”Omahku cilik lan digawé saka jerami lan gedhèg. Dadi saben Setu, kami kudu mindhah-mindhahi perabot bèn panggonané cukup kanggo ngibadah sésuké.” Terus ing omah sing liyané, gendhèngé bocor. Sedulur Noel crita, ”Wektu udan, kami kudu nadhahi banyuné nganggo èmbèr. Meskipun ngono, kami tetep seneng merga isa ngibadah bareng karo sedulur-sedulur.”
Meréka Tetep Semangat Nginjil
Meskipun sedulur-sedulur ing kana ora sugih, tapi meréka tetep semangat nginjil. Contoné, Lindina sing manggon ing Pulau Negros. Dhèwèké crita, ”Keluargaku isiné 11, lan mung Bapak sing kerja. Dadi kadhang kami ora nduwé dhuwit kanggo nginjil. Kami seringé mlaku nèk arep nginjil. Tapi kami tetep seneng merga mlakuné bareng-bareng, lan iki ya nyenengké Yéhuwah.”
Salah siji masalah sing diadhepi sedulur-sedulur ing Filipina yakuwi nginjil ing plosok pegunungan, merga jarang ana transportasi umum kanggo mangkat mrana. Sedulur Esther sing manggon ing Pulau Luzon crita, ”Nèk nginjil, biasané kami wong 6 nganti wong 12. Nèk mangkat kudu ésuk-ésuk banget, merga mlakuné adoh. Kami nginjilé nganti soré, makané nggawa sangu. Terus, dipangan bareng-bareng ing ngisor wit. Ana beberapa sedulur sing ora nggawa panganan. Tapi meréka tetep mèlu nginjil. Kami kandha, ’Ora perlu kuwatir, panganané cukup kok kanggo kabèh.’”
Yéhuwah bener-bener mberkahi sedulur-sedulur ing Filipina. Misalé pas taun 1970, ana 54.789 penginjil ing kana. Terus ing taun 1989, jumlahé nambah nganti mèh ping loroné, dadi 102.487. Ing taun 2023, penginjil ing Filipina jumlahé ana 253.876.
”Meskipun Sering Kekurangan, Kami Tetep Nglayani Yéhuwah”
Meskipun ora sugih, sedulur-sedulur ing kana tetep semangat nglayani Yéhuwah. Sedulur Antonio ngomong ngéné, ”Meskipun sering kekurangan, kami tetep nglayani Yéhuwah.” Sedulur wédok sing jenengé Fe Abad ngomong, ”Wektu keluargaku uripé pas-pasan, kami tetep cedhak karo Yéhuwah lan urip sederhana. Hasilé, anak-anakku isa luwih percaya karo Yéhuwah.”
Lucila sing nglayani dadi perintis ngomong ngéné, ”Awaké dhéwé tetep isa nglayani Yéhuwah meskipun uripé pas-pasan. Nèk ngutamakké Yéhuwah, awaké dhéwé isa puas lan tetep semangat. Aku seneng banget isa mbantu wong sinau Alkitab bèn kenal Yéhuwah, malah beberapa ana sing dadi perintis.”
Awaké dhéwé ora ngerti keadaané sukmbèn. Mulané awaké dhéwé isa éling kata-katané siji pinituwa sing jenengé Rodolfo. Dhèwèké ngomong, ”Pas taun 1970-an nganti 1980-an, keadaané angèl banget. Tapi aku ngrasakké bantuané Yéhuwah. Meskipun ora nduwé dhuwit, aku ora ngrasa susah. Yéhuwah ngopèni aku. Uripku bahagia. Aku ya ngentèni ’urip sing saktenané’ sukmbèn ing Firdaus.”—1 Timotius 6:19.
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.