Langsung mlebu

SAKA ARSIPÉ SEKSI-SEKSI YÉHUWAH

Mbantu Wong-Wong Bèn Isa Maca lan Nulis

Mbantu Wong-Wong Bèn Isa Maca lan Nulis

Agostinho sing manggon ing Brasil ngomong, ”Kèt cilik aku manggon ing dhaérah pertanian. Keluargaku miskin banget. Terus, aku kudu metu saka sekolah kanggo nyambut gawé bèn isa nyukupi kebutuhané keluargaku.” Agostinho lagi sinau maca lan nulis wektu umuré 33 taun. Agostinho ya ngomong, ”Sinau kanggo maca lan nulis mbantu aku dadi luwih percaya diri.”

Agostinho kuwi salah siji wong sing dibantu Seksi-Seksi Yéhuwah bèn isa maca lan nulis. Saksuwéné 70 taun, Seksi-Seksi Yéhuwah wis mbantu luwih saka 250.000 wong bèn isa maca lan nulis. Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah gelem mbantu wong-wong bèn isa maca lan nulis? Apa manfaaté bantuan kuwi?

Pengaruhé Ora Isa Maca lan Nulis

Ing taun 1935, Seksi-Seksi Yéhuwah wis nginjil ing 115 negara. Bèn isa nginjil karo wong sing béda basa, para utusan injil nyetèlké rekaman ceramah Alkitab sing wis diterjemahké. Para utusan injil kadhang ya mènèhi publikasi ing basa asliné wong kuwi. Senajan akèh wong sing minat karo isiné Alkitab, ning merga ora isa maca lan nulis wong-wong kuwi dadi ora isa sinau Alkitab.

Merga ora isa maca Alkitab, wong-wong dadi angèl kanggo ngetrapké pathokané Alkitab. Wong-wong kuwi ya dadi angèl kanggo nindakké tanggung jawabé dadi wong Kristen. (Yosua 1:8; Jabur 1:2, 3) Contoné, nèk ora isa maca, wong tuwa dadi angèl kanggo mulang anak-anaké soal Alkitab. (Pangandharing Torèt 6:6, 7) Wong-wong sing lagi waé dadi Seksi-Seksi Yéhuwah, ning ora isa maca ya dadi angèl njelaské Alkitab wektu nginjil.

Nggawé Kelas kanggo Maca lan Nulis

Ing taun 1940-an nganti 1950-an Nathan Homer Knorr lan Milton George. Henschel, sing ngawasi gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah wektu kuwi, lunga ing akèh negara kanggo ngatur gawéan nginjil. Sedulur loro kuwi mbantu kantor-kantor cabang kanggo nggawé kelas sinau maca lan nulis ing jemaat, khususé ing dhaérah-dhaérah sing wongé ora isa maca lan nulis.

Buku bantuan kanggo maca ing basa Cinyanja dirilis wektu kebaktian ing Chingola, Zambia, taun 1954

Kantor-kantor cabang ngirimké petunjuk kanggo jemaat-jemaat soal piyé carané nggawé kelas maca lan nulis. Ing beberapa negara, pamréntah ya nduwé cara mulang lan buku-buku s ing isa digunakké karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Contoné, kantor cabang ing Brasil nampa bantuan lan buku-buku saka pamréntah lan ngirim kuwi ing jemaat-jemaat. Ning ing negara liyané, Seksi-Seksi Yéhuwah kudu ngatur dhéwé kelas maca lan nulisé.

Kabèh wong isa mèlu kelas maca lan nulis iki. Tujuané kelas iki kanggo mulang wong-wong bèn isa maca nganggo basané dhéwé senajan ana akèh basa sing digunakké ing jemaat kuwi.

Kelas sing Isa Mbantu Akèh Wong

Apa manfaat sing dirasakké wong-wong sing mèlu kelas kanggo maca lan nulis iki? Ana Seksi Yéhuwah saka Meksiko ngomong, ”Saiki aku dadi ngerti isiné Alkitab lan kuwi nggawé aku seneng. Merga isa maca aku dadi luwih gampang ngomong karo wong liya lan aku isa mbantu luwih akèh wong kanggo ngerti isiné Alkitab.”

Manfaaté kelas maca lan nulis iki ora mung kanggo sinau Alkitab. Contoné, Isaac saka Burundi ngomong, ”Ngerti carané maca lan nulis mbantu aku sinau carané mbangun bangunan. Saiki aku kerja dadi pengawas kanggo proyèk pembangunan sing gedhé.”

Wong-wong diajari basa Chichewa ing Balé Ibadah ing Lilongwe, Malawi taun 2014

Jesusa saka Peru sing umuré 49 taun nyritakké pengalamané wektu mèlu kelas maca lan nulis. Dhèwèké ngomong, ”Merga aku ibu rumah tangga, aku kudu ngerti rega barang-barang ing pasar. Mbiyèn nèk arep blanja aku wedi merga ora isa maca. Ning, saiki aku dadi ora wedi manèh. Aku bersyukur isa mèlu kelas maca lan nulis iki.”

Wis pirang-pirang taun, pamréntah ing akèh negara muji Seksi-seksi Yéhuwah merga berhasil nggawé kelas maca lan nulis. Nganti saiki Seksi-Seksi Yéhuwah isih nggawé kelas maca lan nulis nganggo kurikulum sing terus dirévisi. Seksi-Seksi Yéhuwah ya nggawé lan nyétak mèh 224 juta brosur ing 720 basa kanggo mbantu wong-wong bèn isa maca senajan pendidikané ora dhuwur. *

^ par. 16 Contoné, brosur Kerahkan Diri Saudara dalam Membaca dan Menulis wis ana ing 123 basa, lan brosur Rungokna Gusti Allah wis ana ing 610 basa.