Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kiwa: Badai Ian ing Florida, USA, September 2022 (Sean Rayford/Getty Images); tengah: Ibu karo anaké ngungsi ing Donetsk, Ukraina, Juli 2022 (Alex Chan Tsz Yuk/SOPA Images/LightRocket via Getty Images); tengen: Tès COVID massal ing Beijing, Tiongkok, April 2022 (Kevin Frayer/Getty Images)

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Ngapa Kok Taun 2022 Ana Akèh Kekacauan?

Menurut Alkitab, Ngapa Kok Taun 2022 Ana Akèh Kekacauan?

 Selama taun 2022, ana akèh berita soal bencana alam, krisis ékonomi, lan perang. Ngapa kok peristiwa-peristiwa kuwi kelakon? Kuwi dijelaské ing Alkitab.

Sing kelakon selama taun 2022

 Peristiwa-peristiwa sing kelakon kuwi bukti nèk saiki wis ”akhir jaman”. (2 Timotius 3:1) Akhir jaman kuwi dimulai kèt taun 1914. Sakjané, peristiwa-peristiwa kuwi wis diramalké ing Alkitab.

 ”Perang.”​—Matius 24:6.

  •   ”Perang Taun 2022 ing Eropa”. a

 Deloken artikel ”Rusia Nyerang Ukraina”.

 ”Kelaparan.”​—Matius 24:7.

  •   ”Kelaparan ing Endi-Endi Selama Taun 2022”. b

 Deloken artikel ”Kelaparan Merga Perang ing Ukraina”.

 ”Wabah penyakit.”​—Lukas 21:11.

  •   ”Saiki keadaané gawat banget merga polio muncul manèh, saya akèh wong sing ketularan cacar monyet, terus virus COVID-19 ya isih ana.” c

 Deloken artikel ”Sing Mati Merga COVID Ana 6 Juta”.

 ”Perkara-perkara sing nggawé wedi.”​—Lukas 21:11.

  •   ”Selama musim panas 2022, ana akèh banget bencana alam. Misalé gelombang panas, kekeringan, kebakaran hutan, lan banjir. Akibaté ana atusan èwu sing mati lan ana jutaan sing kudu ngungsi.” d

 ”Gègèran [utawa, ”pembrontakan”, cathetan ngisor].”​—Lukas 21:9.

  •   ”Merga ékonomi susah, terus rega-rega malah mundhak, masyarakat akhiré padha protès karo pamréntah.” e

Apa sing bakal kelakon taun ngarep?

 Awaké dhéwé ora bakal ngerti apa sing bakal kelakon taun 2023. Tapi sing pasti, ora suwé manèh Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah. (Danièl 2:44) Kerajaan kuwi bakal nyingkirké kabèh masalahé manungsa lan nggawé bumi dadi apik manèh.​—Matius 6:9, 10.

 Kaya naséhaté Yésus, awaké dhéwé ”kudu terus jaga-jaga”, merga saiki akèh ramalan ing Alkitab lagi kelakon. (Markus 13:37) Nèk péngin ngerti luwih akèh soal harapan sing ana ing Alkitab, njenengan isa menghubungi Seksi-Seksi Yéhuwah.

a AP News, ”Perang Taun 2022 ing Eropa” (”2022 Was Year the Horror of War Returned to Europe”), saka Jill Lawless, 8 Desember 2022.

b Program Pangan Dunia, ”Kelaparan ing Sak Donya” (”A Global Food Crises”).

c Forum Keséhatan JAMA, ”Pandemi—COVID-19, Cacar Monyet, Polio, lan Penyakit X” (”Living in an Age of Pandemics—From COVID-19 to Monkeypox, Polio, and Disease X”), saka Lawrence O. Gostin, JD, 22 September 2022.

d Earth.Org, ”Ngapa Kok Selama Musim Panas 2022 Ana Akèh Bencana Alam?” (”What’s Behind the Record-Breaking Extreme Weather Events of Summer 2022?”), saka Martina Igini, 24 Oktober 2022.

e Organisasi Dana Abadi Carnegie untuk Perdamaian Internasional, ”Masalah Ékonomi Marakké Akèh Démo” (”Economic Anger Dominated Global Protests in 2022”), saka Thomas Carothers lan Benjamin Feldman, 8 December 2022.