Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kim Steele/The Image Bank via Getty Images

Apa Ana sing Isa Ngatasi Masalah Ékonomi?

Apa Ana sing Isa Ngatasi Masalah Ékonomi?

 Saiki ing sak donya wong-wong kangèlan nggolèk dhuwit lan bakal tambah susah.

  •   Ana laporan a nèk gajiné wong-wong saiki wis ora cukup kanggo nyukupi kebutuhan saben dina. Ing laporan kuwi ya disebutké nèk masalahé ora ndang diatasi, sing sugih bakal tambah sugih lan sing miskin bakal tambah miskin. Kuwi ya bakal nggawé keluarga-keluarga tambah sengsara.

 Apa pamréntah nduwé solusi lan isa ngatasi masalah ékonomi?

 Ing Alkitab disebutké, ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan.” (Danièl 2:44) Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngatasi masalah ékonomi. Terus mengko ora ana sing sugih utawa miskin, tapi kabèh wong bakal sejahtera. Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, kabèh rakyaté bakal terus digatèkké. (Mazmur 9:18) Kerajaan kuwi bakal nyukupi kabèh kebutuhané rakyaté. Terus, kabèh isa bahagia lan puas merga hasil kerja kerasé.—Yésaya 65:21, 22.

a Laporan Upah Global 2022-23 Organisasi Buruh Internasional