Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

JenkoAtaman/stock.adobe.com

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa ing Taun 2023 Awaké Dhéwé Isa Bahagia?

Menurut Alkitab, Apa ing Taun 2023 Awaké Dhéwé Isa Bahagia?

 Ing taun 2023, awaké dhéwé mesthi berharap keadaané dadi luwih apik. Tapi, apa kuwi mungkin?

Harapan ing Alkitab

 Ing Alkitab dijelaské nèk masalah sing awaké dhéwé adhepi saiki kuwi mung sementara lan ora suwé manèh bakal dirampungi. Kuwi sebabé ing Alkitab disebutké, nèk Alkitab ”ditulis kanggo mulang awaké dhéwé. Awaké dhéwé nduwé harapan merga ayat-ayat (ing Alkitab). . . mènèhi awaké dhéwé penghiburan”.​—Roma 15:4.

Manfaaté Nduwé Harapan

 Harapan ing Alkitab kuwi kaya jangkar sing ”njaga uripé awaké dhéwé”. (Ibrani 6:19) Harapan isa nggawé awaké dhéwé tetep tenang lan ayem. Merga nduwé harapan, awaké dhéwé ya isa ngatasi masalah, terus semangat, lan isa bahagia. Contoné:

Harapan ing Alkitab Isa Dipercaya

 Akèh wong berharap bèn keadaané isa luwih apik. Tapi meréka ora yakin kuwi isa kelakon apa ora. Nah, harapan ing Alkitab kuwi béda, merga asalé saka Yéhuwah, a Gusti Allah ”sing ora isa ngapusi”. (Titus 1:2) Mung Yéhuwah sing nduwé kuwasa kanggo nepati kabèh janjiné, lan Dhèwèké bakal ”nindakké apa waé sing disenengi”.​—Mazmur 135:5, 6.

 Kami péngin njenengan isa ngerti harapan sing ana ing Alkitab. Nèk ”mriksa Kitab Suci”, njenengan isa luwih percaya harapan ing Alkitab. (Kisah 17:11) Nèk péngin ngerti ana harapan apa waé ing Alkitab, njenengan isa sinau Alkitab gratis karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Muga-muga, njenengan isa terus semangat lan bahagia ing taun 2023 iki.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.