Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Anna Moneymaker/Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Sedhéla Manèh Bakal Kiamat?

Menurut Alkitab, Apa Sedhéla Manèh Bakal Kiamat?

 Tanggal 24 Januari 2023, para ilmuwan setuju nèk Jam Kiamaté bumi a wis tambah cedhak.

  •   ”Merga perang ing Ukraina, ancaman perang nuklir, lan krisis iklim, para ilmuwan setuju nèk Jam Kiamat bumi wis tambah cedhak.”​—AFP International Text Wire.

  •   ”Para ilmuwan ngomong nèk Jam Kiamaté bumi wis tinggal 90 detik manèh. Kuwi berarti kiamat wis cedhak banget.”​—ABC News.

  •   ”Menurut para ilmuwan ing sak donya, bumi iki wis ora aman dienggoni manungsa.”​—The Guardian.

 Apa mémang sedhéla manèh bakal kiamat? Apa bumi bakal hancur? Menurut Alkitab piyé?

Sing bakal kelakon

 Menurut Alkitab, bumi bakal ”tetep ana saklawasé” lan ana wong-wong sing bakal ”manggon ing kono saklawasé”. (Pengkhotbah 1:4; Mazmur 37:29) Dadi, bumi ora mungkin hancur.

 Tapi, ing Alkitab mémang disebutké nèk ”donya iki . . . arep disingkirké”.​—1 Yohanes 2:17.

Ora perlu wedi

 Ing Alkitab ana ayat-ayat sing isa mbantu awaké dhéwé bèn ora wedi, meskipun keadaan ing donya tambah parah.

 Nèk péngin ngerti luwih akèh soal Alkitab, njenengan isa sinau Alkitab gratis karo Seksi-Seksi Yéhuwah.

a ”Jam Kiamat kuwi perkiraané para ilmuwan soal kapan bumi bakal hancur merga tèknologi sing berbahaya. Tujuané kuwi digawé kanggo ngélingké wong-wong bèn luwih perduli karo lingkungan lan bumi.”​—Bulletin of the Atomic Scientists.