Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Wong Jahat Bakal Ana Terus?

Menurut Alkitab, Apa Wong Jahat Bakal Ana Terus?

 Selama bulan Juli 2022, ana akèh wong sing mati merga ditémbaki:

  •   ”Ing Jepang, ana tokoh politik terkenal sing mati merga ditémbak [mantan perdana menteri Shinzo Abe]. Peristiwa kaya ngono kuwi jarang kelakon ing Jepang, soalé ijin kanggo memiliki senjata api waé angèl. Makané, wong-wong ing Jepang lan negara-negara liya padha kagèt.”​—10 Juli 2022, The Japan Times.

  •   ”Ing Denmark, ana sing némbaki wong-wong ing mal ing Kopenhagen. Sing mati ana telu.”​—4 Juli 2022, Reuters.

  •   ”Ing Afrika Selatan, ana 15 sing mati merga ditémbaki ing kutha Soweto.”​—10 Juli 2022, The Guardian.

  •   ”Ing Amerika Serikat, ana 220 sing mati merga ditémbaki pas ngrayakké hari kemerdékaan.”​—5 Juli 2022, CBS News.

 Apa wong-wong sing jahat kaya ngono bakal ana terus? Ing Alkitab ana keterangan apa?

Wong Jahat Ora Ana Manèh

 Menurut Alkitab, saiki wis ”akhir jaman”. Dadi, ana akèh wong sing jahat lan kejem. (2 Timotius 3:1, 3) Akibaté, akèh wong padha wedi. (Lukas 21:11) Tapi ing Alkitab ya ana janji nèk wong jahat ora bakal ana manèh, terus kabèh wong ”bakal manggon ing panggonan sing aman, tenang, lan nggawé ayem”. (Yésaya 32:18) Piyé carané?

 Sukmbèn ora ana manèh senjata, lan wong jahat bakal disingkirké karo Gusti Allah.

  •   ”Wong jahat bakal disingkirké saka bumi.”​—Wulang Bebasan 2:22.

  •   ”[Gusti Allah] ngendhegké perang ing bumi. Dhèwèké ngremuk busur panah lan tombak. Dhèwèké ngobong kréta-kréta perang.”​—Mazmur 46:9.

 Wong-wong bakal diajari karo Gusti Allah bèn isa rukun karo liyané.

  •   ”Ora ana sing bakal nyebabké cilaka utawa nggawé rusak ing kabèh wilayahé gunung-Ku sing suci, merga pengetahuan soal Yéhuwah bakal ngebaki bumi kaya banyu sing ngebaki laut.”​—Yésaya 11:9.

  •   Saiki waé, Gusti Allah ya wis ngajari wong-wong bèn ora seneng karo kekerasan lan ora nggunakké senjata. Wong-wong kuwi wis ”nggawé pedhangé dadi mata bajak lan tombaké dadi arit”.​—Mikha 4:3.

 Gusti Allah janji sukmbèn awaké dhéwé ora perlu wedi manèh merga wong jahat wis ora ana. Wacanen artikel ”Bebas dari Ketakutan—Mungkinkah?

 Piyé carané bèn sukmbèn ora ana manèh wong jahat? Wacanen artikel ”Damai di Bumi Akhirnya!