Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sean Gladwell/Moment via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Pamréntah Sak Donya Ngetokké Luwih saka 2 Triliun Dolar kanggo Biaya Perang

Pamréntah Sak Donya Ngetokké Luwih saka 2 Triliun Dolar kanggo Biaya Perang

 Taun 2022, biaya sing ditokké pamréntah sak donya kanggo perang nganti 2,24 triliun dolar AS, apa manèh merga Rusia nyerang Ukraina. Sasi April 2023, ana laporan sing diterbitké Stockholm International Peace Research Institute (SIPRI). Selama taun 2022:

  •   Biaya sing ditokké pamréntah Eropa kanggo perang ”mundhak 13 persèn selama taun 2022. Kèt 1991, iki biaya perang paling akèh sing ditokké pamréntah Eropa”.

  •   Biaya sing ditokké pamréntah Rusia kanggo perang ”mundhak kira-kira 9,2 persèn. Awalé Rusia urutan kelima, tapi saiki dadi urutan ketelu negara sing paling akèh ngetokké biaya kanggo perang”.

  •   Amerika Serikat dadi urutan pertama negara sing paling akèh ngetokké biaya kanggo perang. ”Nèk biaya perang sak donya dijumlahké, 39 persèné kuwi saka Amerika.”

 Dr. Nan Tian, sing mèlu nggawé laporan SIPRI ngomong, ”Pirang-pirang taun iki biaya kanggo perang tambah akèh, kuwi mbuktèkké nèk donya iki wis ora aman.”

 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk negara-negara sing berkuasa bakal mungsuhan lan ora isa damai. Ing Alkitab ana harapan nèk sukmbèn keadaané bakal damai.

Ramalan ing Alkitab

  •   Menurut Alkitab, saiki awaké dhéwé urip ing ”akhir jaman”.—Danièl 8:19.

  •   Ing buku Danièl disebutké nèk ing akhir jaman ana pamréntahan-pamréntahan sing paling kuwat. Negara-negara bakal ”perang” bèn isa dadi pamréntahan sing paling kuwat. Mula, negara-negara kuwi ngetokké akèh ”harta”, utawa biaya kanggo perang.​—Danièl 11:40, 42, 43.

 Nèk péngin ngerti keterangan sing luwih akèh deloken vidéo Ramalan ing Danièl Bab 11 sing Kelakon.

Sapa sing isa nggawé keadaan ing donya iki dadi aman?

  •   Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. Gusti Allah ”bakal ngedegké kerajaan sing ora bakal dihancurké. Kerajaan iki ora bakal dikuwasani bangsa liya. Kerajaan iki bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan mau. Mung kerajaan iki sing bakal ana nganti saklawasé”.​—Danièl 2:44.

  •   Ora kaya manungsa, Yéhuwah a isa nggawé keadaan bener-bener damai lan aman. Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, ora ana manèh perang, senjata, lan kejahatan.​—Mazmur 46:8, 9.

 Nèk péngin ngerti apa sing kelakon sakwisé Kerajaané Gusti Allah mréntah, wacanen artikel ”Nèk Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah, Kabèh ’Bakal Ayem’”.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.