Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Sing Mati Merga COVID Ana 6 Juta—Menurut Alkitab Piyé?

Sing Mati Merga COVID Ana 6 Juta—Menurut Alkitab Piyé?

 Menurut Organisasi Keséhatan Dunia (WHO), nganti 23 Mei 2022, sing mati merga COVID-19 jumlahé kira-kira 6.270.000. Tapi ing berita tanggal 5 Mei 2022, menurut WHO, sing mati selama pandemi kuwi sakjané luwih akèh manèh. Selama taun 2020 nganti 2021 waé, ”sing mati merga COVID-19 lan merga liyané . . . totalé kira-kira 14.900.000”. Apa ing Alkitab ana keterangan soal kuwi?

Ramalan ing Alkitab

 Ramalané Yésus kuwi wis kelakon. Keterangan luwih akèh ana ing artikel ”Apa Tanda ’Akhir Jaman’?

Penghiburan ing Alkitab

  •    ”Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé . . . menghibur awaké dhéwé wektu awaké dhéwé ngalami akèh kesusahan.”​—2 Korintus 1:3, 4.

 Ing Alkitab ana saran-saran bèn isa tetep kuwat meskipun ditinggal mati. Wacanen artikel ”Mengatasi Dukacita—Yang Bisa Kita Lakukan Sekarang” lan ”Bantuan Terbaik bagi Yang Berduka”.

Harapan ing Alkitab

  •    ”Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga.”​—Matius 6:10.

 Nèk ”Kerajaané Gusti Allah” wis mréntah bumi, ora bakal ana ’wong sing ngomong, ”Aku lara.”’ (Markus 1:14, 15; Yésaya 33:24) Bèn ngerti luwih akèh soal kuwi, deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

 Ing Alkitab ana saran-saran lan harapan apa manèh? Nèk péngin ngerti luwih akèh, njenengan isa menghubungi Seksi-Seksi Yéhuwah.