Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Buktiné Nèk Gusti Allah Perduli karo Tunarungu

Buktiné Nèk Gusti Allah Perduli karo Tunarungu

 Ing sak donya, kira-kira ana 70 juta tunarungu. Meréka komunikasiné nganggo basa isyarat, lan saiki ana luwih saka 200 basa isyarat. Tapi, wong sing tunarungu biasané dijahati lan ora digatèkké. Iki beberapa buktiné:

  •   ”Ing sak donya, wong sing tunarungu ora dianggep. Bahkan meréka ora nampa sing dadi haké.”—Asosiasi Tunarungu Nasional (AS).

  •   ”Wong-wong tunarungu ing negara-negara berkembang kuwi miskin. Meréka ora isa éntuk pendidikan sing apik, angèl éntuk gawéan, lan ketinggalan informasi.”—Federasi Tuli Dunia.

 Piyé perasaané Gusti Allah karo wong sing tunarungu? Ana keterangan apa ing Alkitab soal tunarungu? Piyé Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu meréka?

Yéhuwah Piyé karo Wong-Wong sing Tunarungu?

 Menurut Alkitab, Allah Yéhuwah a nggatèkké wong-wong sing tunarungu. Dhèwèké péngin wong-wong sing tunarungu tetep dihargai lan isa éntuk manfaat saka pendidikan sing disedhiakké Gusti Allah.

 Ayat: ”Aja ngutuki wong budheg.”—Kaimaman 19:14.

 Artiné: Jaman mbiyèn, Yéhuwah ngekèki hukum kanggo wong-wong Israèl lan hukum kuwi isa kanggo nglindhungi tunarungu.

 Ayat: ”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké.”—Kisah 10:34.

 Artiné: Yéhuwah perduli karo kabèh wong ora soal suku, budaya, lan basané, termasuk tunarungu.

 Ayat: ”Yésus lunga . . . martakké kabar apik soal Kerajaan.”—Matius 9:35.

 Artiné: Yésus teka ing bumi kanggo mulang kabèh wong, termasuk tunarungu, soal Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bakal kelakon pas Kerajaan kuwi mréntah.—Matius 6:10.

 Ayat: Yésus ”nggawé wong budheg isa krungu lan wong bisu isa ngomong”.—Markus 7:37.

 Artiné: Yésus nduduhké nèk pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, wong sing tunarungu bakal isa krungu lan ngomong. Sakdurungé marèkké wong lanang sing ora isa krungu lan ngomong, Yésus nggunakké gerakan utawa isyarat kanggo komunikasi karo wong kuwi.—Markus 7:31-35.

 Ayat: ”Wong budheg bakal isa krungu.”—Yésaya 35:5.

 Artiné: Yéhuwah janji nèk sukmbèn ora bakal ana manèh sing tunarungu.—Yésaya 29:18.

Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Tunarungu

 Seksi-Seksi Yéhuwah nyritakké harapan ing masa depan karo tunarungu. Piyé carané? Kami nerjemahké Alkitab lan nggawé vidéo sing dhasaré saka Alkitab ing luwih saka 100 basa isyarat. Kami ya mbantu tunarungu sinau Alkitab, lan nggawé pertemuan ibadah basa isyarat. Kabèh kuwi gratis merga Yésus ngomong, ”Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.”—Matius 10:8.

 Njenengan isa ndelok utawa download vidéoné saka:

 JW.ORG. Klik lambang bahasa ing bagéan kanan ndhuwur situs wèb terus pilihen basa isyarat sing mèh dibukak.

 Aplikasi JW Library Sign Language. Download aplikasiné. Ing aplikasi kuwi, njenengan isa ndelok utawa download vidéo basa isyarat.

Sing Disedhiakké Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo Mbantu Tunarungu Sinau Alkitab

 Alkitab basa isyarat. Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ing Basa Isyarat Amerika kuwi Alkitab basa isyarat sing lengkap sing pertama ing sak donya. Alkitab Terjemahan Donya Anyar ya wis diterjemahké lengkap utawa sebagéan ing basa isyarat liyané lan jumlah basa isyaraté tambah akèh saben taun. (Deloken kothak  Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ing Basa Isyarat” bèn isa ngerti Alkitab diterjemahké ing basa isyarat apa waé lan njenengan isa ndelok Alkitab basa isyarat.)

 Vidéo-vidéo sing mbahas soal Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah wis nggawé vidéo basa isyarat bèn wong-wong isa paham lan ngetrapké naséhat ing Alkitab. Misalé naséhat kanggo:

 Dibantu sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Njenengan isa sinau Alkitab nganggo basa isyarat karo Seksi Yéhuwah. Wektu lan panggonané, njenengan sing milih dhéwé. Nèk péngin ngerti carané sinau Alkitab, njenengan isa njaluk dikunjungi karo Seksi Yéhuwah.

 Jeson Senajonon manggon ing Filipina. Deloken critané piyé dhèwèké isa cedhak karo Gusti Allah merga sinau Alkitab.

 Mbiyèn Mario Antúnez kuwi pendhéta ing Honduras. Dhèwèké nduwé akèh pertanyaan lan akhiré dhèwèké isa nemokké jawabané ing Alkitab. Wacanen kisahé ing artikel ”Aku Nduwé Akèh Pertanyaan”.

 Pertemuan ibadah lan pertemuan liyané. Ing sak donya, ana jemaaté Seksi Yéhuwah lan kelompok sing nganggo basa isyarat. Ing kono tunarungu isa sinau lan ngibadah bareng saben minggu. Saben taun ya ana pertemuan-pertemuan sing luwih gedhé nganggo basa isyarat. Ing pertemuan ibadah utawa pertemuan sing luwih gedhé, ana wong sing ditugasi kanggo mbantu tunarungu sing ya wuta nganggo isyarat sentuhan tangan (taktil). Kami ya nggawé wacan-wacan nganggo huruf braille lan kuwi gratis.

 José Luis Ayala manggon ing Meksiko. Kèt lair dhèwèké tunarungu, terus bar kuwi dhèwèké dadi wuta. Gatèkna piyé dhèwèké isa trampil mulang wong liya soal Alkitab.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?