Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pawel Gluza/500Px Plus/Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Jumlahé Kéwan Liar Berkurang Akèh Banget

Jumlahé Kéwan Liar Berkurang Akèh Banget

 Tanggal 9 Oktober 2024, organisasi Dana Dunia untuk Alam (WWF) ngekèki informasi soal pengaruhé kegiatan manungsa kanggo uripé kéwan liar ing bumi. Ing laporan kuwi disebutké, ”Sejak taun 1970 nganti 2020, saka data sing ana, jumlah kéwan liar sing ana ing bumi berkurang nganti 73 persèn. . . . Awaké dhéwé isih nduwé wektu limang taun kanggo nggawé masa depané makhluk hidup ing bumi dadi luwih apik.”

 Akèh wong kagèt wektu ngerti informasi kuwi. Awaké dhéwé ora péngin buminé rusak lan ora péngin kéwan liar padha punah. Ngapa kok awaké dhéwé isa ngrasa kaya ngono? Soalé Gusti Allah wis ngrancang manungsa bèn isa ngopèni kéwan-kéwan.—Purwaning Dumadi 1:27, 28; Wulang Bebasan 12:10.

 Njenengan mungkin mikir, ’Apa isa manungsa njaga populasiné kéwan liar bèn ora punah? Piyé nèk menurut Alkitab?’

Harapan kanggo masa depan

 Meskipun manungsa wis ngupaya mati-matian kanggo njaga populasiné kéwan liar, tapi kuwi ora isa bener-bener berhasil, soalé mung Gusti Allah sing isa bener-bener ngatasi masalah kuwi. Ing Wahyu 11:18 disebutké nèk Gusti Allah ”bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”. Apa sing isa awaké dhéwé ngertèni saka ayat kuwi?

  1.  1. Sukmbèn Gusti Allah bakal nggawé manungsa bèn ora nduwé kepénginan kanggo ngrusak bumi manèh.

  2.  2. Sedhéla manèh, Gusti Allah bakal nggawé janji kuwi kelakon. Lha kenapa? Soalé kegiatané manungsa saiki tambah berbahaya kanggo populasiné kéwan liar.

 Piyé carané Gusti Allah ngatasi masalah iki? Ing masa depan, bumi iki bakal dipréntah karo Kerajaané Gusti Allah. Nah, pamréntahan kuwi sing bakal digunakké Gusti Allah kanggo ngatasi masalah iki. (Matius 6:10) Sukmbèn mung wong-wong sing manut sing bakal manggon ing bumi. Meréka bakal dilatih bèn isa ngopèni lan nglindhungi kéwan liar.—Yésaya 11:9.