Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Keadaan ing Donya Isa Dadi Luwih Apik Sakwisé Pandemi?

Apa Keadaan ing Donya Isa Dadi Luwih Apik Sakwisé Pandemi?

 ”Kabèh mesthi péngin pandeminé ndang rampung.”​—Angela Merkel, Kanselir Jerman.

 Apa njenengan ya mikir kaya ngono? Wong-wong sakjané pénginé apa?

  •   Péngin uripé kaya mbiyèn manèh. Ana sing péngin isa salaman, pelukan, kumpul-kumpul, lan lunga-lunga manèh. Dr. Anthony Fauci a ngomong nèk ”wong-wong péngin mangan ing rèstoran manèh, nonton bioskop, lan liya-liyané.”

  •   Péngin uripé dadi luwih apik. Keadaan donya iki èlèk banget. Akèh wong kudu kerja mati-matian, strès, lan dijahati wong liya. Makané wong-wong ngrasa nèk kuwi kudu diubah. Pendiri Forum Ekonomi Dunia, Klaus Schwab, ngomong, ”Pandemi iki dadi kesempatan bèn uripé manungsa isa luwih apik.”

 Tapi, ya ana sing ngrasa nèk keadaané ora bakal apik manèh. Misalé, wong-wong sing kélangan gawéan, omah, dadi lara, lan ditinggal mati keluargané merga pandemi.

 Mémang ora ana sing ngerti piyé keadaané nèk pandemi wis ora ana. (Pengkhotbah 9:11) Tapi, saka Alkitab awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal kelakon ing masa depan.

Keterangan soal pandemi COVID-19 menurut Alkitab

 Ing Alkitab wis diramalké nèk ing ”akhir jaman” bakal ana perang, gempa bumi, lan kelaparan. Terus, ya ana ”wabah penyakit”, kaya pandemi COVID-19.​—Lukas 21:11; Matius 24:3.

 Manfaaté ngerti soal kuwi: Meskipun pandeminé wis ora parah, menurut Alkitab ”keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Timotius 3:1) Dadi, awaké dhéwé ora bakal berharap nèk keadaané bakal luwih apik saiki.

 Ning, keadaané ora bakal kaya ngéné terus. Menurut Alkitab, sukmbèn keadaané bakal piyé?

Harapan ing masa depan

 Ing Alkitab ya wis diramalké nèk bakal ana masa depan sing luwih apik. Mémang pamréntahané manungsa ora isa nggawé keadaan dadi luwih apik, tapi Gusti Allah isa. ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”​—Wahyu 21:4.

 Gusti Allah Yéhuwah b janji, ”Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.” (Wahyu 21:5) Yéhuwah bakal ngrampungi kabèh masalah, termasuk pandemi. Misalé:

 Manfaaté ngerti soal kuwi: Ing Alkitab disebutké, ”Harapan sing njaga uripé awaké dhéwé kuwi kaya jangkar.” (Ibrani 6:19) Nèk nduwé harapan, awaké dhéwé isa tetep tabah, ora strès, lan tetep tenang meskipun ana masalah.

 Ning, apa janji ing Alkitab isa dipercaya? Wacanen artikel ”Alkitab—Sumber Katrangan sing Bener lan Isa Dipercaya”.

Ayat-ayat sing isa bermanfaat saiki

  •   Nganggep urip berharga

     Ayat: ”Manfaaté kawicaksanan yaiku isa njaga uripé sing nduwèni kuwi.”​—Pengkhotbah 7:12.

     Artiné: Kudu ngati-ati lan tetep manut protokol keséhatan. Terus, ya nggatèkké perkembangan soal COVID-19, termasuk jumlahé sing isih kena lan sing wis divaksin.

  •   Kudu ngati-ati

     Ayat: ”Wong sing wicaksana kuwi ngati-ati lan ora nindakké sing jahat, ning wong sing bodho kuwi ngawur lan terlalu percaya diri.”​—Wulang Bebasan 14:16.

     Artiné: Kudu terus ngati-ati. Menurut para ahli, virus corona bakal terus ana nganti suwé.

  •   Nggolèk informasi sing bener

     Ayat: ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”​—Wulang Bebasan 14:15.

     Artiné: Aja langsung percaya karo kabèh informasi, merga isa waé kuwi berbahaya. Makané kudu nggolèk informasi sing bener.

  •   Kudu bersyukur

     Ayat: ”Aja takon, ’Ngapa jaman mbiyèn luwih pénak timbang jaman saiki?’ Kowé ora wicaksana nèk takon kaya ngono.”​—Pengkhotbah 7:10.

     Artiné: Kudu tetep semangat senajan keadaané angèl. Aja terus ngéling-éling sing mbiyèn-mbiyèn.

  •   Mikirké wong liya

     Ayat: ”Kowé kudu ngajèni kabèh wong.”​—1 Pétrus 2:17.

     Artiné: Aja nyalahké keputusané wong liya, ning ya aja mèlu-mèlu. Kudu mikirké sing durung divaksin, sing wis tuwa, lan sing nduwé penyakit.

  •   Kudu sabar

     Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi sabar lan apikan.”​—1 Korintus 13:4.

     Artiné: Nèk ana sing isih wedi kegiatan kaya biasané, awaké dhéwé kudu sabar lan apikan. Terus, meskipun keadaané wis luwih apik lan luwih bébas, aja kesusu nggawé rencana.

Manfaaté Alkitab selama pandemi

 Seksi-Seksi Yéhuwah isa tetep kuwat pas pandemi iki, merga ana janji ing Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah ya terus ngibadah bareng bèn isa saling nguwatké. (Ibrani 10:24, 25) Selama pandemi, Seksi-Seksi Yéhuwah ngibadahé liwat video-conference. Kabèh wong éntuk mèlu.

 Wong-wong sing wis mèlu ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah ya ngrasakké manfaaté. Misalé, ana wong wédok sing kena COVID-19 éntuk undangan kanggo mèlu pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Hasilé dhèwèké ora terus-terusan sedhih, tapi isa semangat manèh. Dhèwèké cerita, ”Aku ngrasa meréka wis kaya keluargaku dhéwé. Terus, aku isa dadi tenang lan ora mikirké masalahku merga aku maca Alkitab. Aku ya isa dadi luwih cedhak karo Gusti Allah.”

a Direktur Institut Alergi dan Penyakit Menular Nasional ing Amerika Serikat.

b Menurut Alkitab, jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.