Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

mustafahacalaki/DigitalVision Vectors via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Apa Kecerdasan Buatan Bermanfaat utawa Malah Berbahaya?

Apa Kecerdasan Buatan Bermanfaat utawa Malah Berbahaya?

 Durung suwé iki, para pemimpin, ilmuwan, lan ahli tèknologi ngomongké pendapaté soal kecerdasan buatan, utawa artificial intelligence (AI). Meréka ngomong nèk kuwi mémang ana manfaaté, tapi meréka ya kuwatir merga kuwi ana bahayané.

  •   ”Saiki AI kuwi tèknologi sing paling canggih lan isa nggawé uripé manungsa dadi luwih gampang . . . Tapi, kuwi ya ana bahayané. Misalé, merga AI wong-wong isa dadi korban kejahatan, data-data pribadiné dicolong, lan isa nyebabké wong-wong dadi ora percaya manèh karo pamréntah.”​—Kamala Harris, Wakil Présidèn Amerika Serikat, 4 Mei 2023.

  •   ”Meskipun kecerdasan buatan (AI) bermanfaat ing bidang keséhatan, tapi kuwi ya isa nyebabké masalah keséhatan méntal lan fisik.”​—Koméntar tim dokter lan ahli keséhatan internasional sing dipimpin Dr. Frederik Federspiel, saka salah siji artikel ing BMJ Global Health, 9 Mei 2023. a

  •   ”AI isa digunakké kanggo nyebarké informasi sing salah. Sedhéla manèh akèh wong bakal ora nduwé gawéan merga kabèh dikerjakké karo AI. Malah, beberapa ahli tèknologi kuwatir nèk sukmbèn AI bakal nggawé manungsa musnah.”​—The New York Times, 1 Mei 2023.

 Awaké dhéwé tinggal nunggu waé apa mémang bener AI bermanfaat kanggo manungsa, utawa malah berbahaya. Nèk menurut Alkitab piyé?

Kenapa upayané manungsa ora selalu berhasil?

 Ing Alkitab ana keterangan nèk tèknologi sing digawé manungsa durung mesthi bermanfaat.

  1.  1. Meskipun niaté apik, tapi meréka ora ngerti nèk tèknologi sing digawé kuwi isa berbahaya.

    •   ”Ana wong sing mikir nèk dhèwèké wis ngliwati dalan sing bener, tapi jebulé dalan kuwi ujungé kematian.”​—Wulang Bebasan 14:12.

  2.  2. Wong-wong sing nggawé tèknologi ora isa mastèkké kuwi digunakké kanggo hal-hal sing bermanfaat, utawa digunakké kanggo kejahatan.

    •   ”Kerja kerasku . . . kudu tak tinggalké kanggo wong sing bakal ana sakwisé aku. Sapa sing ngerti wong kuwi bakal wicaksana utawa bodho? Embuh wicaksana utawa bodho, wong kuwi bakal tetep nguwasani kabèh sing tak hasilké saka kerja keras lan kawicaksananku ing ngisoré matahari.”​—Pengkhotbah 2:18, 19.

 Alesan-alesan kuwi mbuktèkké nèk tèknologi sing digawé manungsa ora isa dipercaya. Makané awaké dhéwé butuh tuntunané Gusti Allah.

Tuntunané sapa sing isa dipercaya?

 Gusti Allah janji nèk manungsa utawa tèknologi, ora bakal isa nyingkirké bumi lan manungsa.

  •   ”Bumi tetep ana saklawasé.”​—Pengkhotbah 1:4.

  •   ”Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”​—Mazmur 37:29.

 Ing Alkitab, Gusti Allah ngekèki tuntunan bèn sukmbèn manungsa isa ngrasakké damai lan aman. Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, wacanen artikel ”Apa Ana Tuntunan sing Isa Dipercaya?” lan ”Harapan ing Masa Depan”.

a Saka artikel ”Threats by Artificial Intelligence to Human Health and Human Existence” (Bahayané Kecerdasan Buatan kanggo Keséhatan lan Manungsa) sing ditulis Frederik Federspiel, Ruth Mitchell, Asha Asokan, Carlos Umana, lan David McCoy.