Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

id-work/​DigitalVision Vectors via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Kenapa Saiki Tambah Akèh sing Sengit karo Wong Liya?

Kenapa Saiki Tambah Akèh sing Sengit karo Wong Liya?

 Saiki akèh berita soal wong-wong sing seneng ngèlèk-èlèk lan njahati wong liya. Terus, ya akèh berita soal wong-wong sing nyerang suku liya lan soal perang.

  •   ”Merga perang antara Israel lan Gaza, terus ya ana wong-wong sing mempengaruhi bèn liyané mèlu-mèlu sengit, akibaté ing média sosial dadi tambah akèh sing ngèlèk-èlèk wong liya.”​—The New York Times, 15 November 2023.

  •   ”Kèt 7 Oktober, tambah akèh wong sing sengit karo liyané, seneng ngèlèk-èlèk, lan njahati wong liya.”​—Dennis Francis, Presiden Majelis Umum Perserikatan Bangsa-Bangsa, 3 November 2023.

 Awaké dhéwé ora kagèt nèk ana berita kaya ngono. Soalé ing Alkitab wis disebutké nèk ana wong-wong sing ”omongané kejem kaya panah”, ndhukung perang, lan senengé njahati wong liya. (Mazmur 64:3; 120:7; 140:1) Ing Alkitab ana keterangan apa manèh soal kuwi?

Tambah akèh sing sengit karo wong liya, kuwi nduduhké apa?

 Ing Alkitab ana loro alesan kenapa jaman saiki akèh wong sengit karo wong liya.

  1.  1. Kaya sing disebutké ing Alkitab, ing akhir jaman ”akèh wong suwé-suwé ora nduwé katresnan manèh”. (Matius 24:12) Meréka malah nduwé sifat-sifat sing èlèk lan kuwi nggawé meréka dadi nduwé rasa sengit karo wong liya.​—2 Timotius 3:1-5.

  2.  2. Wong-wong tambah sengit karo wong liya lan dadi tambah jahat merga dipengaruhi Sétan. Kuwi cocog karo sing disebutké ing Alkitab nèk ”donya iki dikuwasani Sétan”.​—1 Yohanes 5:19; Wahyu 12:9, 12.

 Tapi, ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing nyebabké wong-wong sengit karo wong liya. Terus, Gusti Allah ya janji nèk wong-wong sing mbiyèn disengiti utawa dijahati ora bakal menderita manèh lan ora kèlingan manèh soal kuwi. Iki janjiné Gusti Allah:

  •   ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”​—Wahyu 21:4.