Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ana Keterangan Apa ing Alkitab soal Kelaparan?

Ana Keterangan Apa ing Alkitab soal Kelaparan?

 Para pemimpin péngin ngatasi masalah kelaparan ing sak donya. Meréka ngomong, ”Ora Bakal Ana Kelaparan Manèh.” a Tapi apa kuwi isa kelakon? Ana keterangan apa ing Alkitab?

Ramalan ing Alkitab soal kelaparan

 Ing Alkitab disebutké nèk ”ing akhir jaman” bakal ana kelaparan. (2 Timotius 3:1) Mémang dudu Gusti Allah sing nyebabké kuwi, tapi Dhèwèké wis ngandhani nèk kuwi bakal kelakon. (Yakobus 1:13) Ana loro ramalan ing Alkitab soal kelaparan.

 ”Bakal ana kelaparan . . . ing endi-endi.” (Matius 24:7) Kuwi maksudé ing dhaérah endi waé isa ana kelaparan. Buktiné ana laporan sing nyebutké, ”Meskipun wong-wong sak donya wis berusaha ngatasi kelaparan, tapi isih akèh sing kurang pangan lan kurang gizi.” b Atusan juta wong ing akèh negara ora isa éntuk panganan. Akibaté akèh sing mati.

 ”Aku ndelok ana jaran ireng, lan sing numpak jaran kuwi nyekel timbangan.” (Wahyu 6:5, 6) Jaran lan sing numpak kuwi nggambarké kelaparan ing akhir jaman. c Timbangan sing digawa kuwi dienggo mbagi jatah panganan. Kuwi nduduhké nèk jatah panganan sing dibagi mung sithik. Pas jarané maju ana swara sing ngomong nèk rega bahan pangan bakal larang banget. Swara kuwi ya ngomong bèn aja boros. (Wahyu 6:6) Ramalan ing ayat kuwi bener-bener kelakon. Saiki ing sak donya akèh sing kelaparan. Wong-wong ora isa mangan utawa tuku panganan sing bergizi.

Kelaparan ora bakal ana manèh

 Para ahli nyebutké nèk sakjané bumi isa nyedhiakké akèh panganan kanggo kabèh manungsa. Terus, kenapa kok isa ana kelaparan? Menurut Alkitab, Gusti Allah sing jenengé Yéhuwah d bakal ngapa kanggo ngrampungi masalah iki?

 Penyebabé: Pamréntah ora isa ngrampungi masalah ékonomi lan akèh wong isih miskin.

 Solusiné: Pamréntahané manungsa bakal diganti karo pamréntahan sing paling apik, yaiku Kerajaané Gusti Allah. (Danièl 2:44; Matius 6:10) Saiki akèh wong miskin sing ora isa mangan. Tapi pas Kerajaané Gusti Allah mréntah ora bakal ana sing kelaparan. Ing Alkitab disebutké nèk Yésus, Raja Kerajaané Gusti Allah ”bakal nylametké wong mlarat sing njaluk tulung. Dhèwèké ya bakal nylametké wong cilik lan wong sing ora digatèkké. . . . Bakal ana akèh pangan ing bumi nganti tekan puncak pegunungan”.—Mazmur 72:12, 16.

 Penyebabé: Merga perang, akèh dhaérah sing hancur lan wong-wong kangèlan nggolèk dhuwit. Akibaté akèh sing miskin lan ora isa éntuk panganan.

 Solusiné: Ing Alkitab disebutké, ”[Yéhuwah] ngendhegké perang ing bumi. Dhèwèké ngremuk busur panah lan tombak. Dhèwèké ngobong kréta-kréta perang.” (Mazmur 46:9) Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong sing nyebabké perang lan senjata-senjatané. Merga ora ana perang, wong-wong dadi gampang éntuk panganan lan kebutuhané tercukupi. Kuwi cocog karo janji ing Alkitab nèk ”wong sing bener bakal thukul kaya suket, lan uripé wong-wong kuwi bakal ayem”.—Mazmur 72:7.

 Penyebabé: Merga cuaca sing berubah-ubah lan bencana alam, akèh sing gagal panèn lan akèh kéwan ternak sing mati.

 Solusiné: Gusti Allah isa ngendhegké bencana alam. Dhèwèké ya isa nggawé cuacané tetep apik, dadi tanduran-tanduran isa ngasilké panganan. Ing Alkitab disebutké, ”[Yéhuwah] nggawé badai kuwi mandheg. Ombaké laut dadi tenang. . . . Dhèwèké nggawé padhang pasir dadi kolam lan lemah sing garing dadi mata air. Dhèwèké nggawé wong-wong sing kelaparan manggon ing kono. . . . Wong-wong kuwi nduwé ladhang lan kebon anggur sing hasil panèné akèh.”—Mazmur 107:29, 35-37.

 Penyebabé: Wong-wong sing srakah lan jahat nggawé panganan sing ora séhat. Meréka ya nimbun panganan, dadi wong-wong angèl éntuk panganan.

 Solusiné: Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong jahat lan sing ora jujur. (Mazmur 37:10, 11; Yésaya 61:8) Menurut Alkitab, Yéhuwah bakal ”mènèhi keadilan marang wong sing diapusi. Dhèwèké mènèhi pangan wong sing ngelih”.—Mazmur 146:7.

 Penyebabé: Saben taun, sepertelu bahan panganan ing sak donya dibuwang.

 Solusiné: Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, bahan panganan bakal terus ana soalé ora ana panganan sing dibuwang-buwang. Pas ing bumi, Yésus ya ngekèki conto nèk dhèwèké ora mbuwang-mbuwang panganan. Misalé, sakwisé Yésus ngekèki mangan luwih saka 5.000 wong, dhèwèké ngomong karo murid-muridé, ”Klumpukna sisané bèn ora ana sing kebuwang.”Yohanes 6:5-13.

 Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh penyebab kelaparan. Mengko bakal ana akèh panganan sing bergizi. (Yésaya 25:6) Bèn isa ngerti kapan Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kelaparan, wacanen artikel ”Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?

a Saka Agenda 2030 untuk Pembangunan Berkelanjutan (The 2030 Agenda for Sustainable Development), sing kèt taun 2015 ditrapké karo kabèh negara sing dadi anggota Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB).

b Laporan saka Organisasi Pangan dan Pertanian PBB, Dana Internasional untuk Pengembangan Pertanian PBB, Dana Anak-Anak PBB, Program Pangan Dunia PBB, lan Organisasi Kesehatan Dunia.

c Bèn ngerti keterangan luwih akèh soal jaran papat lan sing nunggang sing ditulis ing buku Wahyu, wacanen artikel ”Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

d Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?