Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Krisis Banyu Resik. Ana Keterangan Apa ing Alkitab?

Krisis Banyu Resik. Ana Keterangan Apa ing Alkitab?

 Awaké dhéwé butuh banyu resik bèn isa tetep urip. Tapi Sekretaris-Jéndral PBB sing jenengé António Guterres ngomong, ”Awaké dhéwé ngalami krisis banyu resik, padahal akèh sing mbutuhké kuwi.” Saiki milyaran wong ing sak donya kangèlan éntuk banyu resik sing isa diombé.

Strdel/AFP via Getty Images

 Apa banyu sing resik isa terus ana? Apa awaké dhéwé bakal terus kangèlan éntuk banyu sing resik? Ana keterangan apa ing Alkitab?

Janji ing Alkitab

 Menurut Alkitab, sukmbèn ora bakal ana manèh krisis banyu resik. Malah, banyu sing resik bakal berlimpah.

 ”Banyu bakal metu saka padhang belantara, lan bakal ana kali ing padhang pasir. Lemah sing gersang bakal dadi kolam, lan lemah sing garing bakal dadi mata air.”—Yésaya 35:6, 7.

 Kenapa janji ing Alkitab isa dipercaya? Ayo nggatèkké keterangan ing Alkitab soal bumi sing wis dirancang Gusti Allah.

Keterangan ing Alkitab soal bumi lan siklus air

 ”[Gusti Allah] nyiptakké bumi merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa.”—Yésaya 45:18.

 Gusti Allah ngrancang bumi bèn isa terus dienggoni manungsa. Makané Dhèwèké nggawé siklus air bèn isa terus ana banyu resik.

 ”Tètèsé banyu ditarik munggah [Gusti Allah], lan akhiré dadi kabut lan udan. Terus, méga-méga ngesokké banyu sing dadi udan ing bumi.”—Ayub 36:27, 28.

 Ayat kuwi njelaské soal siklus air sing wis dirancang Gusti Allah. Banyu saka laut lan tanah menguap, bar kuwi dadi awan, terus dadi udan. Merga siklus kuwi, mula selalu ana banyu resik sing cukup kanggo manungsa lan kéwan.—Pengkhotbah 1:7; Amos 5:8.

 ”Aku bakal mènèhi udan pas musimé bèn tanah kuwi ngetokké hasilé lan wit-wit ing ladhang ngetokké buah.”—Kaimaman 26:4.

 Gusti Allah janji nèk Dhèwèké bakal mberkahi panènané wong Israèl jaman mbiyèn. Mula, Dhèwèké ngekèki udan ing wektu sing pas. Dadi, tandurané isa thukul lan ya isa ngasilké panènan sing berlimpah.

 Tapi janji kuwi ora mung kanggo wong Israèl thok. Sedhéla manèh, awaké dhéwé bakal ndelok janji kuwi kelakon ing sak donya. (Yésaya 30:23) Mémang, saiki ing beberapa dhaérah krisis banyu resik tambah parah lan penyebabé dudu mung merga ora ana udan. Terus, piyé carané kuwi diatasi? Ing Alkitab ana keterangan apa?

Apa ana sing isa ngatasi krisis banyu resik?

 Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah nduwé pamréntahan ing swarga. Pamréntahan kuwi disebut Kerajaané Gusti Allah lan mengko ya bakal mréntah ing bumi. (Danièl 2:44; Wahyu 11:15) Kerajaan kuwi bakal ngatasi kabèh masalah ing bumi, termasuk masalah soal banyu resik. (Matius 6:9, 10) Sakliyané kuwi Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh penyebab sing marakké ora ana banyu resik.

 Masalah: Merga perubahan iklim, akèh dhaérah sing kekeringan. Terus ya ana sing banjir merga udané deres utawa merga permukaan air lauté tambah dhuwur.

 Carané kuwi diatasi: Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé lingkungan ing bumi dadi apik manèh. Gusti Allah janji, ”Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.” (Wahyu 21:5) Sukmbèn ora ana dhaérah-dhaérah sing kekeringan. Bahkan ing dhaérah sing gersang lan kétoké ora isa dienggoni, mengko bakal ana akèh wit-witan. (Yésaya 41:17-20) Kerajaané Gusti Allah sing dipimpin Yésus ya isa ngendhalèkké cuaca.

 Pas ing bumi, Yésus isa nggawé badai dadi mandheg. Kuwi bukti nèk dhèwèké dikèki kuwasa karo Gusti Allah. (Markus 4:39, 41) Dadi mengko pas Yésus mréntah bumi, ora bakal ana bencana alam. Wong-wong isa ngrasa aman, uripé tenang, lan ora wedi ana bencana.

 Masalah: Wong-wong lan perusahaan-perusahaan sing ora perduli lingkungan kerep mencemari sungai, danau, lan penampungan air. Akibaté, banyu sing resik dadi saya sithik.

 Carané kuwi diatasi: Gusti Allah bakal nggawé danau, laut, tanah, lan sungai sing tercemar dadi resik manèh. Terus bumi bakal dadi firdaus. Ing Alkitab disebutké, ”Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng. Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.”—Yésaya 35:1.

 Wong-wong sing ngrusak lingkungan bakal piyé? Gusti Allah janji nèk bakal ”nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”.—Wahyu 11:18; Wulang Bebasan 2:21, 22.

 Masalah: Wong-wong boros banyu lan akèh banyu sing kebuwang, padahal banyu sing ana ing bumi kuwi terbatas.

 Carané kuwi diatasi: Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, karepé Gusti Allah bakal ”kelakon ing bumi”. (Matius 6:9, 10) Kaya sing disebutké ing Yésaya 11:9, wektu kuwi ”pengetahuan soal Yéhuwah a bakal ngebaki bumi”. Merga nduwé pengetahuan sing bener, sayang karo Gusti Allah, sayang karo wong liya, lan perduli karo lingkungan, wong-wong bakal ngrawat bumi sak isiné.

  •    Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh soal Kerajaané Gusti Allah, wacanen artikel ”Apa sing Bakal Ditindakké Kratoné Allah?

  •    Wacanen Yésaya 35, bèn isa mbayangké sukmbèn firdaus kaya piyé.

  •    Deloken vidéo Ngapa Gusti Allah Nggawé Bumi? bèn isa ngerti tujuané Gusti Allah nyiptakké bumi sak isiné.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?