Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Halfpoint Images/Moment via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Laporan soal Bahayané Média Sosial kanggo Cah-Cah Enom

Laporan soal Bahayané Média Sosial kanggo Cah-Cah Enom

 Tanggal 23 Mei 2023, ana laporan saka ahli keséhatan ing Amerika Serikat. Dhèwèké ngandhani nèk média sosial ana bahayané kanggo cah-cah enom.

  •   ”Mémang, média sosial isa bermanfaat kanggo anak-anak lan cah-cah enom. Tapi ya wis terbukti nèk média sosial berbahaya kanggo keséhatan méntal lan fisiké meréka.”​—Social Media and Youth Mental Health: The U.S. Surgeon General’s Advisory, 2023.

 Ing buku Social Media and Youth Mental Health disebutké kenapa awaké dhéwé kudu mikirké bahayané média sosial.

  •   Cah-cah enom sing umuré 12 nganti 15 taun ”sing dolanan média sosial luwih saka telung jam saben dina, luwih gampang kena gangguan méntal, misalé déprèsi lan gangguan kecemasan”.

  •   Cah-cah enom sing umuré kira-kira 14 taun ”sing kerep dolanan média sosial biasané kurang turu, di-bully ing média sosial, ngrasa penampilané èlèk, kurang percaya diri, ngrasa ora berharga, lan déprèsi. Sing paling akèh ngalami iki cah-cah wédok”.

 Bèn anak-anak ora ngalami kuwi, wong tuwa kudu piyé? Ing Alkitab ana saran-saran sing isa ditrapké wong tuwa.

Sing isa diupayakké wong tuwa

 Nggatèkké lan ngandhani anak-anak. Wong tuwa kudu ngerti bahayané média sosial lan mutuské anaké éntuk dolanan média sosial utawa ora.

 Nèk njenengan ngijinké anak-anak dolanan média sosial, njenengan kudu tetep nggatèkké bahayané lan kudu ngawasi anak-anak. Piyé carané?

 Bantunen anak-anak bèn ora ndelok postingan sing berbahaya lan ora pantes. Anak-anak kudu diajari mbédakké endi postingan sing éntuk didelok lan postingan sing ora éntuk didelok.

  •   Ayat: ”Aja nganti kowé ngomongké soal hubungan sèks sing ora pantes, kabèh tumindak sing najis, lan tumindak sing srakah. . . . Sakliyané kuwi, aja nindakké apa sing bejat, aja ngomongké apa sing ora ana gunané, lan aja guyonan soal sing saru-saru merga kuwi kabèh ora pantes.”—Éfésus 5:3, 4.

  •   Deloken saran-saran ing artikel ”Ngajari Anak Bèn Ngati-ati Pas Nganggo Média Sosial”.

 Batesi wektuné. Misalé, nggawéa aturan soal kapan lan sepira suwéné anak-anak éntuk dolanan média sosial.

  •   Ayat: ”Kowé kudu terus nggatèkké tumindakmu . . . kaya wong sing wicaksana . . . Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—Éfésus 5:15, 16.

  •   Njenengan karo anak-anak isa ndelok vidéo Cara Aman Nggunakké Jejaring Sosial bèn anak-anak ngerti ngapa kok dolanan média sosial kudu dibatesi wektuné.