Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Thai Liang Lim/E+ via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Piyé Wong Tuwa Isa Nglindhungi Anak-anaké Bèn Ora Kena Pengaruh Èlèk saka Média Sosial?

Piyé Wong Tuwa Isa Nglindhungi Anak-anaké Bèn Ora Kena Pengaruh Èlèk saka Média Sosial?

 ”Saiki cah enom sing kena gangguan méntal tambah akèh, lan salah siji penyebab utamané kuwi merga média sosial.”—Dr. Vivek Murthy, Kepala Badan Kesehatan Masyarakat AS, New York Times, 17 Juni 2024.

 Sebagai wong tuwa, njenengan mesthi péngin nglindhungi anaké njenengan bèn ora kena pengaruh èlèk saka média sosial. Gatèkna beberapa saran iki sing dhasaré saka Alkitab.

Wong tuwa kudu piyé?

 Ayat Alkitab sing isa dipikirké.

 ”Wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”—Wulang Bebasan 14:15.

 Meskipun ana akèh sing nganggo média sosial, tapi kuwi ana bahayané. Makané wong tuwa ora kudu ngijinké anaké nganggo média sosial. Nèk mèh ngijinké anaké njenengan nganggo média sosial, pastèkna sik apa dhèwèké wis isa bertanggung jawab, misalé soal penggunaan wektu lan milih kanca. Terus ya kudu mastèkké nèk anaké njenengan ora bakal ndelok bahan-bahan sing ora nggenah.

 ”Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—Éfésus 5:16.

 Nèk ngijinké anaké njenengan nganggo média sosial, ya kudu ngèki aturan. Terus jelasna nèk kuwi dienggo nglindhungi dhèwèké. Nèk sikapé anaké njenengan mulai berubah, kudu tanggap. Misalé, mungkin njenengan isa ngongkon anaké njenengan ngurangi wektuné nganggo média sosial.

Artikel liyané sing bermanfaat

 Ing Alkitab disebutké nèk jaman saiki ”angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Timotius 3:1-5) Tapi saka Alkitab, awaké dhéwé ya isa éntuk saran-saran sing bermanfaat pas awaké dhéwé ngadhepi masalah. Misalé ing artikel iki dibahas saran-saran sing isa mbantu nèk anaké njenengan kena gangguan méntal.