Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ahmad Gharabli/AFP via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Negara-Negara Isa Ngatasi Perubahan Iklim?

Menurut Alkitab, Apa Negara-Negara Isa Ngatasi Perubahan Iklim?

 Dina Minggu, 20 November 2022, Konferénsi Perubahan Iklim Perserikatan Bangsa-Bangsa (COP27) wis rampung. Akhiré ana kesepakatan nèk negara-negara sing sering kena bencana alam bakal éntuk dana bantuan. Tapi akèh wong ya ngerti nèk iki sakjané ora ngrampungi sumber masalahé.

  •   Tanggal 19 November 2022, António Guterres, sekretaris-jénderal PBB, ngomong, ”Kesepakatan ngekèki dana bantuan kanggo negara-negara kuwi apik. Tapi merga perubahan iklim tambah parah, ngekèki bantuan dana thok ora cukup.”

  •   ”Bumi iki wis rusak parah merga perubahan iklim.”​—Mary Robinson, mantan prèsidèn Irlandia lan mantan Komisaris PBB untuk Hak Asasi Manusia, 20 November 2022.

 Akèh wong kuwatir soal masa depané bumi. Tapi, apa isa negara-negara kerja sama kanggo ngatasi perubahan iklim? Menurut Alkitab piyé?

Apa upayané isa berhasil?

 Menurut Alkitab, meskipun manungsa berusaha mati-matian kanggo ngatasi perubahan iklim, upayané ora isa berhasil. Alesané ana loro:

  •   ”Sing béngkok ora isa diluruské.”​—Pengkhotbah 1:15.

     Artiné: Manungsa ora dirancang kanggo mréntah manungsa liyané. (Yérémia 10:23) Dadi, meskipun negara-negara bersatu kanggo ngrampungi masalah ing donya iki, upayané meréka ora bakal berhasil.

  •   ”Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, . . . ora gelem setuju karo wong liya.”​—2 Timotius 3:2, 3.

     Artiné: Ing Alkitab wis diramalké nèk wong-wong ing akhir jaman kuwi égois lan ora gelem sepakat kanggo ngrampungi masalah-masalah.

Sing isa ngatasi

 Manungsa ora isa nggawé bumi iki dadi apik. Mulané, Gusti Allah wis milih Yésus kanggo mréntah bumi. Yésus kuwi raja sing piyé? Ing Alkitab ditulis:

  •   ”[Yésus] bakal nduwé hak kanggo mréntah. Dhèwèké bakal disebut Penaséhat sing Hébat, Gusti sing Kuwat, Bapak sing Ana Saklawasé, lan Pemimpin sing Nggawé Rukun lan Tentrem.”​—Yésaya 9:6.

 Yésus kuwi Raja Kerajaané Gusti Allah, pamréntahan sing ana ing swarga. (Matius 6:10) Yésus perduli karo manungsa. Dhèwèké péngin nggawé bumi dadi luwih apik. (Mazmur 72:12, 16) Nèk wis mréntah, Yésus bakal nyingkirké wong-wong sing ”ngrusak bumi”, terus nggawé bumi dadi luwih apik.​—Wahyu 11:18; Yésaya 35:1, 7.

 Nèk péngin ngerti piyé carané bumi dadi luwih apik manèh, wacanen artikel ”Apa Bumi Bakal Hancur Merga Pemanasan Global?