Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Ngapa Kok Akèh Wong Saiki Ora Isa Rukun?

Menurut Alkitab, Ngapa Kok Akèh Wong Saiki Ora Isa Rukun?

 Ing sak donya, akèh wong ora isa rukun merga béda pilihan politik. Menurut survéi taun 2022 saka Pusat Penelitian Pew, ”Ing 19 negara sing disurvéi, 65% wong ngomong nèk para pendhukung partai-partai politik ing negarané selalu padu lan ora isa rukun.”

 Apa ing dhaérahé njenengan ya kaya ngono? Ngapa kok isa nganti kaya ngono? Terus, solusiné apa? Ayo ndelok jawaban ing Alkitab.

Sing marakké wong ora isa rukun

 Menurut Alkitab, saiki wis ”akhir jaman”. Ing Alkitab ya diramalké nèk akèh wong sipaté èlèk makané ora isa rukun.

  •   ”Ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, . . . ora gelem setuju karo wong liya.”​—2 Timotius 3:1-3.

 Meskipun wis diupayakké tenanan, pamréntah ora isa nggawé wong-wong rukun. Merga béda pendapat, wong-wong ora isa kerja sama kanggo ngatasi masalah. Kuwi persis kaya sing diramalké ing Alkitab.

  •   ”Manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara.”​—Pengkhotbah 8:9.

 Tapi, ing Alkitab ana solusiné. Ana pamréntahan sing rajané isa nyingkirké kabèh masalah sing ana saiki.

Pemimpin sing paling apik

 Ing Alkitab disebutké nèk Yésus Kristus kuwi pemimpin sing paling apik. Yésus péngin lan isa nggawé manungsa rukun lan damai.

  •   ”Wektu dhèwèké mréntah, wong sing bener bakal thukul kaya suket, lan uripé wong-wong kuwi bakal ayem.”​—Mazmur 72:7.

  •   ”Kabèh bangsa bakal dadi abdiné.”​—Mazmur 72:11.

 Yésus kuwi pemimpin sing apik soalé dhèwèké perduli karo manungsa. Dhèwèké péngin nulungi wong-wong sing uripé susah.

  •   ”Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat sing njaluk tulung. Dhèwèké ya bakal nylametké wong cilik lan wong sing ora digatèkké. Dhèwèké bakal mesakké karo wong cilik lan wong mlarat. Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat. Dhèwèké bakal nylametké wong-wong kuwi saka wong sing nindhes lan wong sing jahat.”​—Mazmur 72:12-14.

 Yésus bakal dadi raja Kerajaané Gusti Allah. Piyé carané ndhukung Kerajaan kuwi? Apa waé berkahé nèk Kerajaan kuwi wis mréntah?