Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Ana Pamréntah sing Ora Bakal Korupsi?

Apa Ana Pamréntah sing Ora Bakal Korupsi?

 Saiki ana akèh banget pamréntah sing korupsi. a Misalé selama pandemi, ana dana sing kuduné dienggo mbantu wong-wong malah dikorupsi karo pamréntah. Akibaté, akèh wong dadi susah.

 Mantan perdana menteri ing Inggris sing jenengé David Cameron ngomong, ”Kayaké mèh kabèh pamréntah ana sing korupsi.”

 Tapi, sukmbèn ora bakal ana manèh pamréntah sing korupsi. Kok isa? Kuwi dijelaské ing Alkitab.

Gusti Allah ora bakal meneng waé

 Ing Alkitab ditulis, ”Aku, Yéhuwah, seneng karo apa sing adil. Aku sengit karo apa sing ora bener lan karo wong sing ngrampok.” b (Yésaya 61:8) Gusti Allah prihatin karo wong-wong sing susah merga wong liya. (Wulang Bebasan 14:31) Dhèwèké janji, ”Aku bakal tumindak. Aku bakal nylametké wong sing susah merga ditindhes.”​—Mazmur 12:5.

 Apa sing bakal kelakon sukmbèn? Kabèh pamréntahané manungsa saiki bakal diganti karo ”Kerajaané Gusti Allah”. (Markus 1:14, 15; Matius 6:10) Ing Alkitab ditulis, ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan sing . . . bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan mau. Mung kerajaan iki sing bakal ana nganti saklawasé.” (Danièl 2:44) Dadi, sukmbèn ora ana manèh pamréntah sing korupsi.

Pamréntah sing ora bakal korupsi

 Apa buktiné nèk Kerajaané Gusti Allah ora bakal korupsi?

  1.  1. Sing nduwé. Kerajaan iki duwèké Gusti Allah.​—Wahyu 11:15.

     Kuwi apik merga: Ora kaya pamréntahané manungsa, Kerajaané Gusti Allah ora butuh dhuwit. Merga Gusti Allah kuwi Mahakuwasa, Dhèwèké mesthi isa nyukupi kebutuhané rakyaté. Dadi, ora ana sing korupsi.​—Mazmur 145:16.

  2.  2. Raja. Gusti Allah milih Yésus dadi Raja Kerajaané.​—Danièl 7:13, 14.

     Kuwi apik merga: Wong sing apik isa diojok-ojoki bèn nglakoni apa sing salah. (Pengkhotbah 7:20) Tapi, Yésus ora ngono. Dhèwèké disogok waé ora gelem. (Matius 4:8-11) Dhèwèké sayang lan perduli karo rakyaté.​—Mazmur 72:12-14.

  3.  3. Aturan. Aturané Gusti Allah kuwi sing paling apik.​—Mazmur 19:7, 8.

     Kuwi apik merga: Aturané manungsa kuwi biasané rumit lan angèl. Terus, ya ora bener-bener dijalanké. Dadi, wong isa nggolèk-nggolèk cara bèn isa korupsi. (Yésaya 48:17, 18) Tapi merga Gusti Allah kuwi sing paling ngerti awaké dhéwé, nèk nggawé aturan mesthi bermanfaat lan gampang ditrapké. (Yérémia 17:10) Terus sukmbèn kabèh wong bakal saling menyayangi, dadi ora ana sing jahat.​— Matius 22:37, 39

 Sukmbèn ora ana manèh sing korupsi. Njenengan isa sinau luwih akèh soal kuwi saka Alkitab.

a ”Korupsi” kuwi nggunakké wewenang kanggo nggolèk untungé dhéwé.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?