Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

hadynyah/E+ via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Kelaparan Merga Perang lan Perubahan Iklim

Kelaparan Merga Perang lan Perubahan Iklim

 Merga perang ing Ukraina lan perubahan iklim, jumlah bahan pangan semakin berkurang. Malah ing beberapa dhaérah susah banget kanggo éntuk bahan pangan.

  •   ”Jumlah bahan pangan semakin sithik merga ana perang, perubahan iklim, ènergi [gas, listrik, bahan bakar] sing tambah larang, lan liya-liyané.”​—Sekretaris-Jéndral PBB António Guterres,17 Juli 2023.

  •   ”Rusia wis ora mèlu perjanjian èkspor gandum saka Ukraina. Para ahli ngomong nèk kuwi bakal nyebabké rega-rega bahan pangan tambah larang lan saya akèh sing kelaparan, terutama ing negara-negara miskin kaya ing wilayah Afrika Utara lan Timur Tengah.”​—Atalayar.com, 23 Juli 2023.

 Ing Alkitab ana ramalan soal kelaparan lan harapan ing masa depan.

Ramalan ing Alkitab

  •   Yésus ngramalké, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana kelaparan.”​—Matius 24:7.

  •   Ing buku Wahyu ana ramalan soal jaran papat lan sing nunggang. Sing nunggang jaran abang nggambarké perang. Terus ing mburiné ana sing nunggang jaran ireng sing nggambarké kelaparan. Kuwi berarti bahan panganan bakal langka lan regané larang. Ing buku Wahyu disebutké, ”Aku ndelok ana jaran ireng, lan sing numpak jaran kuwi nyekel timbangan. Aku krungu ana swara . . . sing ngomong, ’Sak liter gandum regané sak dinar, lan telung liter barli regané sak dinar.’”—Wahyu 6:5, 6.

 Ramalan-ramalan kuwi wis kelakon saiki ing ”akhir jaman”. (2 Timotius 3:1) Bèn ngerti apa waé sing kelakon ing ”akhir jaman”, deloken vidéo Keadaan Donya Kèt Taun 1914. Nèk péngin ngerti apa maksudé ramalan soal jaran papat ing buku Wahyu, wacanen artikel ”Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Saran lan harapan ing Alkitab