Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Chris McGrath/Getty Images

Apa Perang Bakal Ana Terus?

Apa Perang Bakal Ana Terus?

 Saiki wong-wong sak donya tambah susah uripé merga akèh perang. Coba gatèkna laporan iki:

  •   ”Taun 2022 akèh wong mati merga perang, khususé ing Etiopia lan Ukraina. Jumlah sing mati taun 2022 kuwi paling akèh nèk dibandhingké saka taun 1994.”—Institut Penelitian Perdamaian Oslo, 7 Juni 2023.

  •   ”Nèk dibandhingké karo taun 2021, ing taun 2022 masalah merga politik misalé perang lan kekerasan ing sak donya dadi tambah akèh 27 persèn. Kira-kira wis ana 1,7 milyar wong sing kena dampaké. Salah sijiné perang ing Ukraina taun 2022 merga masalah politik sing saya parah.”—Proyek Data Lokasi & Peristiwa Konflik Bersenjata (ACLED), 8 Februari 2023.

 Ana harapan ing Alkitab nèk ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan sing ora bakal dihancurké”. (Danièl 2:44) Pas mréntah, Kerajaané Gusti Allah bakal ”ngendhegké perang ing bumi”.—Mazmur 46:9.