Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Manuel Reino Berengui/DeFodi Images via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Wong-Wong Isa Bersatu Merga Piala Dunia?

Menurut Alkitab, Apa Wong-Wong Isa Bersatu Merga Piala Dunia?

 Saka tanggal 20 November nganti 18 Desember 2022, ana Piala Dunia. Sing nonton kira-kira 5 milyar. Akèh wong ngomong nèk acara kaya ngono kuwi manfaaté akèh banget.

  •   ”Olahraga kuwi pengaruhé gedhé banget. Kuwi isa marakké wong-wong bersatu.”​—Nelson Mandela, mantan présidèn Afrika Selatan.

  •   ”Sépak bola . . . isa marakké wong dadi seneng, semangat, bersatu, lan rukun.”​—Gianni Infantino, présidèn FIFA. a

 Apa acara-acara olahraga kaya Piala Dunia isa marakké wong bersatu?

Apa marakké wong bersatu?

 Piala Dunia taun iki malah marakké akèh masalah. Misalé, masalah politik, hak asasi manusia, rasisme, lan masalah ékonomi.

 Akèh wong nganggep nèk Piala Dunia kuwi hiburan sing nyenengké. Tapi sakjané kuwi ora isa marakké wong bener-bener bersatu. Malah, wong-wong dadi ora rukun. Sipat lan kelakuané ora nggenah, kaya sing wis diramalké ing Alkitab.​—2 Timotius 3:1-5.

Sing isa marakké bersatu

 Ing Alkitab ana janji nèk kabèh wong isa bersatu. Kuwi bakal kelakon pas Kerajaané Gusti Allah wis mréntah.​—Lukas 4:43; Matius 6:10.

 Yésus Kristus, Raja Kerajaané Gusti Allah, bakal nggawé bumi dadi ayem. Ing Alkitab disebutké:

  •   ”Wong sing bener bakal thukul kaya suket, lan uripé wong-wong kuwi bakal ayem.”​—Mazmur 72:7.

  •   ”Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat sing njaluk tulung. . . . Dhèwèké bakal nylametké wong-wong kuwi saka wong sing nindhes lan wong sing jahat.”​—Mazmur 72:12, 14.

 Bahkan saiki, jutaan wong saka 239 negara isa bersatu merga manut ajarané Yésus. Kok isa wong-wong kuwi bersatu? Wacanen majalah sing judhulé ”Rasa Sengit Ora Bakal Ana Manèh”.

a FIFA kuwi singkatan saka Fédération Internationale de Football Association. Kuwi induk organisasi sépak bola sak donya.