Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Ngapa Kok Saiki Rega-Rega Padha Mundhak?

Ngapa Kok Saiki Rega-Rega Padha Mundhak?

 Sasi Juni 2022, Prèsidèn Grup Bank Dunia ngomong, ”Saiki keadaan ékonomi sak donya durung membaik, terus rega-rega ya malah mundhak. Dadi sak donya lagi krisis ékonomi.”

 Menurut laporan saka Dana Monetèr Internasional, ”Rega bahan bakar lan panganan saiki larang banget. Kabèh kena dampaké, tapi sing paling mesakké kuwi wong-wong sing gajiné sithik.”

 Ngapa kok kuwi kelakon? Apa ana saran-saran bèn isa ngadhepi kuwi? Apa ana harapan? Ing Alkitab ana jawabané.

Ramalan

  •   Menurut Alkitab saiki wis ”akhir jaman”.​—2 Timotius 3:1.

  •   Yésus ngomong nèk ing akhir jaman bakal ana ”perkara-perkara sing nggawé wedi”. (Lukas 21:11) Merga rega-rega padha mundhak, wong-wong dadi strès. Wong-wong wedi nèk ora isa ngopèni keluargané manèh.

  •   Ing buku Wahyu diramalké nèk ing akhir jaman rega-rega panganan bakal mundhak. Ing kono disebutké nèk sak liter gandum utawa telung liter barli, regané padha karo upahé wong sing kerja sedina.​—Wahyu 6:6, cathetan ngisor.

 Apa waé sing bakal kelakon ing ”akhir jaman”? Deloken vidéo Keadaan Donya Kèt Taun 1914. Terus nèk péngin ngerti maksudé ramalan ing buku Wahyu, wacanen artikel ”Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Harapan

  •   ”Wong bakal mbangun omah lan manggon ing kono. Wong bakal nggawé kebon anggur lan mangan buahé. Omah sing dibangun ora bakal dienggoni wong liya, lan hasil kebon anggur sing ditandur ora bakal dipangan wong liya.”​—Yésaya 65:21, 22.

  •   ”Bakal ana akèh pangan ing bumi nganti tekan puncak pegunungan.”​—Mazmur 72:16.

  •   ”Yéhuwah kandha, ’Aku bakal tumindak. Aku bakal nylametké wong sing susah merga ditindhes lan wong mlarat sing padha sambat.’”​—Mazmur 12:5. a

 Gusti Allah janji nèk ora suwé manèh ora ana wong sing miskin. Kok isa? Wacanen artikel ”Apa Masalah Ékonomi Isa Diatasi?

 Ing Alkitab ya ana saran-saran bèn awaké dhéwé isa tetep hémat. (Wulang Bebasan 23:4, 5; Pengkhotbah 7:12) Deloken artikel ”Kudu Isa Ngatur Dhuwit” lan ”Sing Isa Ditindakké Wektu Penghasilané Berkurang”.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.