Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Berupaya Nduwé Kanca Bèn Ora Kesepian

Berupaya Nduwé Kanca Bèn Ora Kesepian

 Taun 2023, para ahli keséhatan ngomong nèk kesepian kuwi dadi masalah keséhatan sing serius lan kuwi kudu diatasi. Piyé carané?

  •   Dr. Vivek Murthy, Kepala Badan Keséhatan Masyarakat AS, ngomong, ”Ngrasa kesepian lan ora gelem kumpul karo wong liya isa nggawé ora bahagia lan dadi masalah keséhatan. Tapi, sakjané kuwi isa diatasi nèk awaké dhéwé gelem bergaul lan akrab karo wong liya.” a

 Ngrasa kesepian kuwi ora mung merga dhèwèkan. Malah, beberapa ngrasa kesepian wektu kumpul karo wong akèh. Ana saran-saran ing Alkitab bèn awaké dhéwé isa luwih akrab karo kanca-kanca lan isa ngatasi rasa kesepian.

Saran ing Alkitab

 Gelem crita lan ngrungokké. Aja mung crita perasaané awaké dhéwé thok, tapi awaké dhéwé ya isa ngrungokké tenan sing dicritakké lan dirasakké wong liya. Nèk luwih nggatèkké wong liya, awaké dhéwé isa luwih akrab karo wong kuwi.

  •   Ayat: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”—Filipi 2:4.

 Nggolèk kanca sak akèh-akèhé. Awaké dhéwé isa nggolèk kanca sing luwih tuwa utawa luwih enom. Terus ya isa nggolèk kanca sing béda negara utawa béda budaya.

  •   Ayat: ”Kowé ya kudu mbukak atimu sak amba-ambané.”—2 Korintus 6:13.

 Bèn isa akrab karo wong liya, cobanen saran-saran ing artikel ”Memuaskan Rasa Lapar akan Persahabatan”.

a Our Epidemic of Loneliness and Isolation: The U.S. Surgeon General’s Advisory on the Healing Effects of Social Connection and Community, 2023.