Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Francesco Carta fotografo/Moment via Getty Images

Saya Akèh sing Ngrasa Kesepian

Saya Akèh sing Ngrasa Kesepian

 Durung suwé iki, ana survéi saka beberapa negara a nèk siji saka papat wong ngrasa kesepian.

  •   ”Ngrasa péngin dhèwèkan lan ora gelem bergaul karo wong liya kuwi isa dialami sapa waé, ora soal umuré pira utawa manggoné ing endi.”​—Chido Mpemba, salah siji ketua Komisi Hubungan Sosial, Organisasi Keséhatan Dunia.

 Mungkin wong-wong mikir nèk sing ngrasa kesepian kuwi mung wong-wong tuwa utawa sing uripé dhèwèkan. Tapi kenyataané, wong-wong sing isih enom, sing séhat, sugih, lan sing wis nikah ya isa ngrasa kesepian. Wong sing kesepian lan ora gelem bergaul karo wong liya, émosi lan keséhatané bakal terganggu.

  •   ”Ngrasa kesepian kuwi ana bahayané. Bahayané mèh padha kaya ngrokok 15 batang sedina.”​—Dr. Vivek Murthy, Kepala Badan Kesehatan Masyarakat AS.

Saran ing Alkitab

 Gusti Allah ora péngin awaké dhéwé dhèwèkan. Gusti Allah nyiptakké manungsa bèn isa bergaul lan nduwé kanca.

  •   Ayat: ”Gusti Allah . . . kandha, ’Ora apik nèk wong lanang kuwi dhèwèkan terus.’”​—Purwaning Dumadi 2:18.

 Gusti Allah péngin awaké dhéwé cedhak karo Dhèwèké. Gusti Allah janji nèk awaké dhéwé berupaya akrab karo Dhèwèké, Gusti Allah ya bakal cedhak karo awaké dhéwé.​—Yakobus 4:8.

  •   Ayat: ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia, merga Kerajaan swarga bakal dadi duwèké.”​—Matius 5:3.

 Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngibadah bareng-bareng. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih bahagia.

  •   Ayat: ”Ayo nggatèkké sedulur liya bèn awaké dhéwé isa saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik. Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk ngumpul kanggo ngibadah kuwi ora penting. . . . Ning, awaké dhéwé kudu padha-padha nguwatké.”​—Ibrani 10:24, 25.

 Bèn ngerti kenapa kok awaké dhéwé kudu nglawan perasaan kesepian, wacanen artikel ”Kesepian meski Ada Banyak Sarana Komunikasi”.

a The Global State of Social Connections, saka Meta-Gallup, 2023.