Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

fcafotodigital/E+ via Getty Images

Ana Keterangan Apa ing Alkitab soal Gaya Hidup Vegan?

Ana Keterangan Apa ing Alkitab soal Gaya Hidup Vegan?

 Saiki akèh wong sak donya seneng karo gaya hidup vegan.

  •   ”Wong sing gaya hidupé vegan menghindari panganan utawa minuman sing sumberé saka kéwan. Terus, ya ora nganggo pakaian sing digawé saka kéwan merga meréka sayang karo kéwan.”—The Vegan Society.

 Ana sing milih gaya hidup vegan merga perduli karo lingkungan, njaga keséhatan, utawa merga kepercayaané.

  •   ”Vegan kuwi ora sekedar dièt, tapi kuwi termasuk kepercayaan, ana hubungané karo hati nurani, lan meréka ya percaya nèk gaya hidup vegan isa nggawé keadaan dadi luwih apik.”—Britannica Academic.

 Apa gaya hidup vegan isa nggawé keadaan dadi luwih apik? Ana keterangan apa ing Alkitab?

Pandhangané Gusti Allah soal manungsa lan kéwan

 Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah a nganggep manungsa luwih unggul timbang kéwan-kéwan lan Yéhuwah ngekèki manungsa tugas kanggo nguwasani kéwan-kéwan. (Purwaning Dumadi 1:27, 28) Terus, Yéhuwah ya ngandhani nèk manungsa éntuk mangan kéwan. (Purwaning Dumadi 9:3) Tapi, Yéhuwah ora seneng nèk manungsa nyiksa kéwan.—Wulang Bebasan 12:10.

 Menurut Alkitab mèh mangan daging utawa ora, kuwi keputusané dhéwé-dhéwé. b Keputusan kuwi ora ana pengaruhé kanggo pandhangané Yéhuwah ing awaké dhéwé. (1 Korintus 8:8) Makané awaké dhéwé ora éntuk meksa wong liya kanggo mangan daging utawa ora.—Roma 14:3.

Janjiné Gusti Allah

 Menurut Alkitab, apa waé keputusané awaké dhéwé ora bakal isa ngrampungké masalah sing ana ing donya iki. Soalé masalah-masalah sing ana saiki sakjané disebabké merga politik, lingkungan, masyarakat, lan ékonomi. Masalah-masalah kuwi ora isa dirampungké saiki. Menurut Alkitab:

 Gusti Allah bakal ngrampungké kabèh masalah sing dialami manungsa. Ing Alkitab disebutké apa waé sing bakal diubah karo Gusti Allah.

  •   ”Terus, aku ndelok langit anyar lan bumi anyar. Langit sing lawas lan bumi sing lawas wis ora ana, lan laut ya wis ora ana.”—Wahyu 21:1.

 Gusti Allah bakal ngganti ”langit sing lawas” utawa pamréntahané manungsa karo ”langit anyar” sing maksudé Kerajaané Gusti Allah. Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké ”bumi sing lawas”, yaiku wong-wong sing jahat lan mréntah ”bumi anyar” yaiku wong-wong sing manut karo Gusti Allah.

 Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, manungsa isa rukun karo kéwan lan njaga bèn lingkungan isa tetep apik.—Yésaya 11:6-9.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.

b Menurut Alkitab, awaké dhéwé ”kudu terus nyingkir . . . saka getih”. (Kisah 15:28, 29) Kuwi berarti awaké dhéwé ora bakal ngombé getih, mangan daging kéwan sing ora dibelèh, utawa mangan panganan sing dicampur getih.