Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

YURI LASHOV/AFP via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Wong Kristen Éntuk Mèlu Perang?

Menurut Alkitab, Apa Wong Kristen Éntuk Mèlu Perang?

 Pas perang antara Rusia karo Ukraina, akèh pendhéta malah ndhukung perang kuwi. Contoné:

  •   ”Kami menghormati lan maturnuwun banget kanggo kabèh tentara sing wis perang nglawan Rusia . . . Kami bakal terus ndhukung lan ndongakké kalian.”​—Epiphanius I saka Kyiv, ing laporan The Jerusalem Post, 16 Maret 2022.

  •   ”Dina Minggu, kepala Gréja Ortodoks Rusia nganakké acara ibadah khusus dienggo para tentara Rusia. Tujuané bèn para tentara kuwi mbéla negarané nglawan Ukraina.”​—Reuters, 3 April 2022.

 Sakjané, apa wong Kristen éntuk ndhukung perang? Menurut Alkitab piyé?

Keterangan ing Alkitab

 Menurut Alkitab, murid-muridé Yésus ora mèlu perang.

  •   ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé. Kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang.”​—Matius 26:52.

     Nèk manut karo Yésus, apa awaké dhéwé bakal mèlu perang?

  •   ”Aku mènèhi kowé préntah anyar, yaiku kowé kudu padha-padha nresnani. Kaya aku wis nresnani kowé, kowé ya kudu padha-padha nresnani. Nèk saben wong ing antaramu padha-padha nresnani, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku.”​—Yohanes 13:34, 35.

     Jaréné Yésus, murid-muridé kudu padha-padha nresnani. Nèk padha-padha nresnani, mosok arep mèlu perang?

 Wacanen artikel ”Apakah Perang Sejalan dengan Kekristenan?

Wong Kristen ora mèlu perang

 Jaman saiki, apa ana wong Kristen sing ora mèlu-mèlu perang? Ana. Ing Alkitab wis diramalké nèk ing ”akhir jaman”, ana wong-wong saka kabèh bangsa sing ”ora bakal ajar perang manèh”, merga manut karo Yésus.​—Yésaya 2:2, 4.

 Sedhéla manèh, Yéhuwah, a ”Gusti Allah sing nggawé ayem” bakal ’nylametké wong-wong saka wong sing nindhes lan wong sing jahat’.​—Filipi 4:9; Mazmur 72:14.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.