Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SUKMBÈN KEADAANÉ LUWIH APIK

Nèk Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah, Kabèh ”Bakal Ayem”

Nèk Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah, Kabèh ”Bakal Ayem”

Sedhéla manèh, Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah bumi lan nggawé kabèh wong bersatu lan rukun. Ing Mazmur 72:7 ditulis nèk kabèh wong ”bakal ayem”. Tapi, kapan Kerajaané Gusti Allah mréntah? Apa sing bakal kelakon nèk Kerajaan kuwi wis mréntah? Terus, piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi rakyaté?

KAPAN KERAJAANÉ GUSTI ALLAH MRÉNTAH?

Ing Alkitab wis diramalké apa waé ”tandhané” nèk Kerajaané Gusti Allah arep mréntah bumi. Misalé bakal ana perang, kelaparan, wabah penyakit, gempa bumi, lan akèh kejahatan.​—Matius 24:3, 7, 12; Lukas 21:11; Wahyu 6:2-8.

Ing Alkitab ya wis diramalké nèk ”ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, . . . ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa maturnuwun, ora setya, ora sayang karo keluargané, ora gelem setuju karo wong liya, seneng mitnah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik, . . . sombong, mung nggolèk senengé dhéwé lan ora nresnani Gusti Allah”. (2 Timotius 3:1-4) Mémang kèt mbiyèn wis ana wong sing kaya ngono, tapi saiki dadi luwih akèh manèh.

Ramalan-ramalan kuwi mulai kelakon taun 1914. Akèh ahli sejarah lan penulis ya ngomong nèk keadaan ing donya mémang tambah parah kèt taun kuwi. Misalé, ahli sejarah Peter Munch saka Denmark nulis, ”Sakdurungé taun 1914, wong-wong ngrasa nèk keadaan ing donya bakal dadi luwih apik. Tapi ternyata malah dadi akèh kejahatan, akèh bencana, lan wong-wong ngrasa ora aman.”

Tapi, kabèh masalah kuwi malah dadi tandha nèk Kerajaané Gusti Allah ora suwé manèh arep mréntah bumi. Yésus tau ngomong nèk ”kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu, terus akhir kuwi bakal teka”.​—Matius 24:14.

Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik soal Kerajaan kuwi. Malah majalahé waé judhulé Warta Penting Bab Kratoné Yéhuwah. Ing majalah kuwi kerep dibahas apa waé berkah-berkahé nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah.

APA SING BAKAL KELAKON NÈK KERAJAAN KUWI WIS MRÉNTAH?

Ana papat:

  1. Kerajaan kuwi ora bakal diwakili manungsa.

  2. Pamréntah manungsa bakal nglawan Kerajaané Gusti Allah.​—Mazmur 2:2-9.

  3. Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. (Danièl 2:44; Wahyu 19:17-21) Perang antarané Gusti Allah lan manungsa kuwi disebut Armagédon.​—Wahyu 16:14, 16.

  4. Wong-wong sing gelem manut karo Kerajaané Gusti Allah bakal slamet, terus isa urip ing donya anyar sing keadaané damai. Ing Alkitab wong-wong kuwi disebut ”kumpulan gedhé”, soalé jumlahé ana akèh banget.​—Wahyu 7:9, 10, 13, 14.

PIYÉ CARANÉ BÈN AWAKÉ DHÉWÉ ISA DADI RAKYATÉ?

Nèk péngin dadi rakyat Kerajaané Gusti Allah, awaké dhéwé kudu kenal karo Gusti Allah. Yésus tau ndonga, ”Bèn isa urip saklawasé, wong-wong kuwi kudu kenal karo Njenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kudu kenal karo Yésus Kristus sing Njenengan utus.”​—Yohanes 17:3.

Nèk kenal karo Gusti Allah, apa manfaaté? Pertama, awaké dhéwé isa nduwé iman karo Gusti Allah. Awaké dhéwé yakin nèk Kerajaané Gusti Allah sedhéla manèh bakal mréntah bumi. (Ibrani 11:1) Keloro, awaké dhéwé dadi sayang karo Gusti Allah lan karo wong liya. Nèk sayang karo Gusti Allah, awaké dhéwé gelem manut karo Dhèwèké. Nèk sayang karo wong liya, awaké dhéwé gelem ngetrapké kata-katané Yésus yaiku, ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.”​—Lukas 6:31.

Gusti Allah péngin awaké dhéwé isa bahagia lan ngrasakké ”urip sing saktenané”. (1 Timotius 6:19) Tapi, ”urip sing saktenané” kuwi maksudé urip sing kaya apa? Deloken ayat-ayat berikut iki.

Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, kabèh wong bahagia lan ana akèh panganan