Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wong tuwa kudu dadi conto kanggo anaké

CARANÉ

Manut Naséhat ing Alkitab

Manut Naséhat ing Alkitab

Pas lagi study tour, ana cah sekolah sing dilècèhké karo kanca-kancané. Padahal meréka kuwi murid-murid sekolah sing favorit ing Kanada. Leonard Stern nulis ing koran Ottawa Citizen ngéné, ”Meskipun pinter, sugih, lan wis disekolahké, ora otomatis bocah-bocah kelakuané dadi apik.”

Stern ya ngomong, ”Akèh wong tuwa seneng nèk anaké pinter utawa nduwé gawéan sing apik. Padahal sing paling penting kuwi nèk anak didhidhik bèn kelakuané apik.”

Mémang sekolah kuwi penting. Tapi, sekolah sing paling apik waé ora isa ngajari bocah-bocah bèn nduwé sipat-sipat sing apik. Lha terus piyé bèn bocah-bocah isa dadi wong sing apik?

NDUWÉ SIPAT SING APIK MERGA MANUT PATHOKANÉ ALKITAB

Maca Alkitab kuwi kaya ngaca. Awaké dhéwé dadi ngerti awaké dhéwé kurangé apa. (Yakobus 1:23-25) Terus, saka Alkitab awaké dhéwé ya isa ngerti carané bèn nduwé sipat-sipat sing apik, misalé sabar, isa ngendhalèni diri, lan sayang karo wong liya. Menurut Alkitab, nèk sayang karo wong liya awaké dhéwé dadi isa rukun lan ”bersatu” karo wong liya. (Kolose 3:14) Nèk sayang berarti awaké dhéwé piyé?

  • ”Wong sing nduwé katresnan kuwi sabar lan apikan. Dhèwèké ora seneng iri, ora rumangsa hébat, ora sombong, ora tumindak kasar, ora mung mikirké kepentingané dhéwé, lan ora gampang nesu. Dhèwèké ya ora ngéling-éling salahé wong liya. Dhèwèké ora ngrasa seneng merga apa sing ora bener, ning ngrasa seneng merga apa sing bener. Wong sing nduwé katresnan ora bakal nyerah, ora soal apa sing kelakon. Wong kuwi ya percaya karo apa waé . . .  lan sabar ngadhepi apa waé. Katresnan kuwi ora ana entèké.”​—1 Korintus 13:4-8.

  • ”Wong sing nduwé katresnan ora tumindak jahat marang wong liya.”​—Roma 13:10.

  • ”Sing paling penting, kowé kudu sayang banget karo wong liya, merga wong sing sayang karo wong liya mesthi gelem ngapura.”​—1 Pétrus 4:8.

Piyé rasané nèk lagi karo wong sing sayang karo njenengan? Mesthi rasané nyaman lan bahagia, merga njenengan yakin nèk dhèwèké ora bakal nglarani njenengan.

Terus merga sayang, biasané wong gelem berkorban kanggo wong liya. Umpamané, ana wong lanang sing jenengé Billy. Dhèwèké wis ngrokok selama 50 taun. Nah terus dhèwèké nduwé putu. Jaré mantuné, dhèwèké ora éntuk ngrokok nèk péngin ketemu putuné. Dadi akhiré Billy gelem mandheg ngrokok.

Nèk belajar Alkitab, awaké dhéwé isa nduwé sipat-sipat sing apik, misalé sabar lan sayang karo wong liya

Bèn isa sayang karo wong liya, anak-anak kudu diajari karo wong tuwané. Nèk wong tuwa sayang karo anaké, mengko anaké ya isa niru wong tuwané. Makané wong tuwa kudu ngopèni, nglindhungi, lan sering ngejak ngobrol anak-anak. Nèk anaké lara, wong tuwa ya kudu nambakké. Terus, wong tuwa ya kudu ngajari anaké apa sing bener.

Sayangé, ana wong tuwa sing ora dadi conto sing apik kanggo anaké. Tapi meskipun wong tuwané kaya ngono, anaké ya isa waé tetep dadi wong sing apik. Buktiné ana ing pengalaman sing dicritakké ing artikel berikuté.