Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PAMRÉNTAHAN SING PALING APIK

”Pamréntahané Bakal Terus Nggawé Rukun lan Tentrem”

”Pamréntahané Bakal Terus Nggawé Rukun lan Tentrem”

Maher Nasser nulis ing UN Chronicle nèk donya iki wis rusak merga pemanasan global, kejahatan, perang, téroris, wabah penyakit, lan liya-liyané. Makané, Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB) sakjané péngin bèn kabèh wong sak donya padha rukun, saling menghargai, lan ngrawat lingkungan.

Ana wong-wong pinter sing ngomong nèk sak donya kuduné mung ana siji pamréntahan. Contoné penulis saka Italia sing jenengé Dante (1265-1321) lan Albert Einstein (1879-1955). Dante percaya kabèh wong isa rukun nèk pamréntahané mung ana siji. Dhèwèké ngutip kata-katané Yésus yaiku, ”Kerajaan sing rakyaté padha padu dhéwé-dhéwé . . . mesthi bakal hancur.”​—Lukas 11:17.

Pas Perang Donya II, ana bom atom loro sing meledak. Bar perang kuwi, Albert Einstein nulis surat kanggo Majelis Umum PBB. Dhèwèké ngomong, ”Menurutku, PBB kuduné ngatur bèn mung ana siji pamréntahan kanggo sak donya.”

Tapi apa ya ana pamréntah manungsa sing bener-bener apik, ora bakal korupsi, lan isa ngatasi kabèh masalah? Ahli sejarah Inggris yaiku Lord Acton tau ngomong, ”Manungsa nèk nduwé kuwasa kuwi mesthi korupsi.”

Dadi, apa ya isa manungsa sak donya rukun lan bersatu? Kuwi isa kelakon nèk Gusti Allah sing mréntah. Menurut Alkitab, pamréntahan kuwi bakal disebut ”Kerajaané Gusti Allah”.​—Lukas 4:43.

”MUGA-MUGA KERAJAAN-MU TEKA”

Yésus tau nyebutké soal Kerajaan kuwi ing conto dongané. Dhèwèké ndonga, ”Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi.” (Matius 6:9, 10) Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé bumi iki dadi apik, kaya sing Dhèwèké karepké.

Kerajaané Gusti Allah ya disebut ”Kerajaan swarga”. (Matius 5:3) Lha ngapa? Soalé Kerajaan kuwi bakal mréntah saka swarga. Kuwi berarti rakyaté ora perlu mbayar pajeg, soalé Kerajaan kuwi ora butuh dhuwit.

Kerajaané Gusti Allah kuwi mengko rajané sapa? Yéhuwah wis milih Yésus dadi Rajané. Ing Alkitab ana keterangan apa soal pamréntahané Yésus?

  • ”[Yésus] bakal nduwé hak kanggo mréntah. . . . Kuwasané bakal saya gedhé, lan pamréntahané bakal terus nggawé rukun lan tentrem.”​—Yésaya 9:6, 7

  • ”Dhèwèké diwènèhi kuwasa, kehormatan, lan kerajaan bèn wong-wong saka kabèh bangsa lan basa nglayani dhèwèké. . . . Kekuasaané ora bakal berakhir.”​—Danièl 7:14.

  • ”Kerajaané Gustiné awaké dhéwé lan Kristusé saiki wis mréntah donya.”​—Wahyu 11:15.

Kaya dongané Yésus, sukmbèn sing dikarepké Gusti Allah bakal kelakon ing bumi. Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, kabèh manungsa bakal diajari ngopèni bumi bèn bumi iki isa dadi apik manèh.

Terus, mengko kabèh rakyaté Kerajaané Gusti Allah ya bakal diajari bèn isa rukun. Ing Yésaya 11:9 ditulis, ”Ora ana sing bakal nyebabké cilaka utawa nggawé rusak . . . merga pengetahuan soal Yéhuwah bakal ngebaki bumi kaya banyu sing ngebaki laut.”

PBB berusaha bèn kabèh wong isa bersatu, tapi kuwi ora kelakon. Ning sukmbèn, liwat Kerajaané Gusti Allah kuwi bakal kelakon. Ora ana manèh kejahatan, polusi, kemiskinan, lan perang. Menurut Mazmur 37:11, kabèh wong ”bakal seneng merga ngrasa ayem banget”. Tapi, kapan Kerajaané Gusti Allah kuwi mréntah? Apa sing bakal kelakon nèk Kerajaan kuwi wis mréntah? Terus, piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi rakyaté? Kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.