Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

WONG-WONG SING WIS BERHASIL

Pengalamané Ricardo karo Andres

Pengalamané Ricardo karo Andres

Ana akèh sing uripé akhiré bahagia merga ngetrapké pathokan ing Alkitab. Contoné, Ricardo karo Andres.

RICARDO: Pas umur 15, aku dijak kancaku mèlu gèng. Nah ing nggonku, wong sing wis tau mlebu penjara dianggep hébat. Makané, aku ya péngin banget mlebu penjara, bahkan nèk isa dipenjarané sepuluh taun.

Kaya kanca-kancaku ing gèng, aku dadi seneng gelut, nganggo narkoba, lan sèks bébas. Malah aku ya tau témbak-témbakan karo gèng liya. Aku wis mèh mati wektu kuwi, tapi ternyata aku isih slamet. Bar kuwi aku dadi mikir, ’Kok uripku kaya ngéné ya?’ Aku péngin isa bahagia, tapi piyé carané? Terus, sapa sing isa mbantu aku?

Keluargaku uripé kebak masalah. Tapi, ana omku sing uripé kétoké bahagia. Ternyata, omku karo keluargané kuwi Seksi Yéhuwah. Dhèwèké tau ngandhani aku nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah. Nah, bar témbak-témbakan karo gèng kuwi mau, aku ndonga karo Yéhuwah. Aku njaluk tulung karo Dhèwèké, lan aku nyebutké jenengé. Sésuké, ana Seksi Yéhuwah mara ing omahku. Terus, aku mulai sinau Alkitab karo dhèwèké.

Tapi, kanca-kanca gèngku isih kerep nélpon aku lan ngejak aku kumpul. Meskipun aku sakjané ya péngin, tapi tetep tak tolak. Aku péngin terus sinau Alkitab. Hasilé, saiki uripku isa bener-bener bahagia.

Mbiyèn aku péngin banget mlebu penjara paling ora sepuluh taun. Tapi untungé kuwi ora kelakon. Nah, bar sinau Alkitab aku ndonga bèn isa dadi perintis paling ora sepuluh taun. Aku péngin banget mbantu wong liya bèn isa kenal karo Gusti Allah. Dongaku kuwi dijawab. Nganti saiki aku wis merintis 17 taun.

Kanca-kancaku akèh sing dipenjara nganti bertaun-taun, bahkan ya ana sing wis mati. Tapi, aku saiki isa bahagia merga kenal karo Yéhuwah. Aku bersyukur merga omku ngandhani aku soal Yéhuwah. Aku seneng banget. Aku isa nglayani Yéhuwah, lan uripku bahagia.

ANDRES: Ing dhaérahku, ana akèh sing dadi préman, pengédar narkoba, pembunuh, lan pelacur. Bapakku ya seneng mabuk-mabukan lan nganggo narkoba. Terus nèk ing omah, bapakku ya kerep gelut karo ibuku.

Akhiré aku ya dadi seneng mabuk lan nganggo narkoba. Aku ya kerep nyolong, terus mengko barangé tak edol. Nah pas wis gedhé, aku diajari bapakku nylundupké narkoba lan barang-barang ilégal liyané. Akhiré, aku dadi éntuk dhuwit akèh. Terus aku ya tau dipenjara limang taun merga ditudhuh arep matèni wong.

Nah, pas ing penjara ana pengumuman nèk kabèh tahanan diundang mèlu sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Akhiré aku mèlu. Nèk tak rasak-rasakké, sing diajarké Seksi Yéhuwah kuwi bener. Akhiré aku sinau terus karo meréka. Aku diajari kabèh pathokané Gusti Allah saka Alkitab.

Aku dadi ngerti, nèk péngin ngetrapké pathokan ing Alkitab, aku butuh dibantu. Apa manèh ana akèh tahanan liya sing ora seneng aku sinau Alkitab. Makané, aku ndonga bèn Yéhuwah gelem nulungi aku. Akhiré, aku dadi kendel lan isa crita soal Alkitab karo tahanan liya.

Pas arep dibébaské, aku kuwatir mengko uripku piyé. Tapi pas aku metu, ana akèh tahanan sing ngomong karo aku, ”Dadah, Pak Pendhéta”. Aku dadi yakin nèk Yéhuwah bakal terus nuntun aku.

Nèk aku ora kenal karo Yéhuwah lan ora sinau Alkitab, aku ora ngerti uripku dadi apa. Tapi aku bersyukur banget, merga Yéhuwah sayang karo aku lan terus sabar nulungi aku. *

^ Nèk péngin ngerti pengalaman liyané, bukaken jw.org. Deloken ing bagéan PERPUSTAKAAN, terus ing kumpulan artikel sing judhulé ”Kuwasané Alkitab”.