Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BUMI IKI TAMBAH RUSAK

Hutan

Hutan

PARA ILMUWAN ngomong nèk hutan dipadhakké kaya paru-paru sing isa nggawé manungsa urip. Kenapa? Kaya paru-paru, hutan isa nyaring udara. Hutan isa nyerep karbon dioksida lan ngasilké oksigén sing penting kanggo makhluk hidup. Kira-kira 80 persèn tanduran lan kéwan manggoné ing hutan. Nèk ora ana hutan, kabèh makhluk hidup isa mati.

Keadaan Hutan Saiki

Saben taun milyaran wit ditebang. Tujuané bèn ana lahan kanggo pertanian. Kèt taun 1940-an, akèh hutan hujan sak donya wis ora ana manèh.

Nèk hutan ora ana manèh, suwé-suwé tanduran lan kéwan sing ana ing kono mati.

Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak

Sing menarik, dhaérah sing wit-wité ditebangi suwé-suwé isa dadi hutan manèh. Ahli ékologi wis nliti, meskipun wit-wit ing hutan ditebangi, tapi ternyata ora suwé bar kuwi ana akèh wit sing thukul ing kono lan akhiré dadi hutan manèh. Buktiné:

  • Para peneliti ngamati nèk ladhang pertanian sing ora dienggo manèh suwé-suwé bakal dadi hutan. Misalé, ing Amerika Utara, Amerika Selatan, lan Afrika Barat ana 2.200 ladhang sing wis ora ditanduri, ternyata ora nganti sepuluh taun lemahé isa subur manèh lan akèh wit sing thukul ing kono.

  • Ana laporan saka majalah Science. Menurut para peneliti, kira-kira 100 taun manèh hutan-hutan sing wis ditebangi kanggo lahan pertanian isa dadi hutan manèh kaya sakdurungé.

  • Para peneliti ing Brasil mbandhingké lahan endi sing luwih cepet dadi hutan manèh. Meréka mbandhingké lahan sing diréboisasi lan sing ora. Menurut laporan saka National Geographic, ”meskipun lahané ora ditanduri” tapi ternyata selama limang taun ”ana wit-wit sing thukul dhéwé ing kono”.

Sing Wis Diupayakké Manungsa

Akèh wong ing sak donya ngrawat hutan-hutan sing wis ana lan berupaya bèn hutané isa luwih akèh manèh. Hasilé menurut PBB, ”penggundulan hutan sak donya wis berkurang luwih saka 50 persèn” selama 25 taun.

Tapi upaya kuwi durung cukup. Ing laporan saka Global Forest Watch disebutké nèk ”isih akèh hutan ing dhaérah tropis sing terus berkurang selama beberapa taun iki”.

Ana perusahaan-perusahaan sing nebangi wit-witan tapi ora ijin pamréntah lan meréka éntuk dhuwit sing akèh banget. Kuwi salah siji alesan akèh hutan sing rusak.

Ana wong-wong sing tugasé ngrawat hutan, meréka mung nebang beberapa wit sing wis tuwa terus nandur sing anyar

Ing Alkitab Ana Harapan Apa?

”Gusti Allah Yéhuwah a nggawé lemah nukulké wit-witan sing apik lan sing buahé isa dipangan.”—Purwaning Dumadi 2:9.

Gusti Allah wis ngrancang bèn wit-wit ing hutan isa thukul manèh. Dadi, manungsa isa terus éntuk manfaat saka hutan. Gusti Allah ya péngin bèn hutan lan makhluk hidup sing ana ing kono isa terus ana.

Ing Alkitab ana keterangan nèk Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi. Deloken artikel ”Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak” ing halaman 15.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.