Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BUMI IKI TAMBAH RUSAK

Udara

Udara

KABÈH makhluk hidup butuh udara bèn isa ambegan. Lapisan udara sing disebut atmosfér ya isa nglindhungi bumi saka radiasi matahari lan nggawé bumi ora membeku.

Keadaan Udara Saiki

Polusi udara saiki berbahaya banget kanggo makhluk hidup. Menurut Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) saiki udarané wis tercemar, 99 persèn wong sak donya menghirup polusi.

Polusi udara isa marakké gangguan pernapasan, kanker paru-paru, lan penyakit jantung. Polusi udara wis nyebabké luwih saka pitung juta wong mati saben taun.

Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak

Sakjané bumi wis dirancang bèn isa terus nyedhiakké udara sing resik kanggo kabèh makhluk hidup. Tapi kuwi isa kelakon nèk manungsa ora terus-terusan mencemari udara. Buktiné:

  • Awaké dhéwé ngerti nèk hutan isa nyerep karbon dioksida ing udara. Tapi ternyata hutan bakau sing ana ing pinggir pantai, isa nyerep karbon dioksida ping lima luwih akèh timbang hutan tropis.

  • Durung suwé iki ana penelitian soal salah siji jenis rumput laut sing jenengé kèlp. Ternyata kèlp isa nyerep karbon dioksida, malah isa ngilangi kuwi saka udara. Ing godhongé ana kanthong-kanthong sing isiné udara, fungsiné bèn kèlp isa terus ngambang. Merga kena ombak, suwé-suwé kèlp isa tekan tengah laut. Terus wektu kanthong-kanthongé pecah, kèlp lan karbon dioksida sing ana ing njeroné kleleb ing dhasar laut lan tetep ana ing kono nganti atusan taun.

  • Atmosfér ya dirancang bèn isa nggawé udara resik dhéwé. Kuwi terbukti pas lockdown selama wabah COVID-19. Misalé, taun 2020 pas akèh pabrik sing mandheg lan mung sithik sing nganggo kendaraan, udarané dadi semakin resik. Menurut ”2020 World Air Quality Report”, ana luwih saka 80 persèn negara-negara nglaporké nèk udara ing negarané dadi semakin resik pas lockdown.

Sing Wis Diupayakké Manungsa

Nèk lunga-lunga numpak sepédha, awaké dhéwé isa ngurangi polusi udara

Pamréntah ngongkon pabrik-pabrik bèn mèlu ngurangi polusi udara. Para ilmuwan ya terus nliti piyé carané bèn isa ngurangi polusi udara. Misalé, meréka nganggo baktèri bèn isa ngubah polusi dadi zat-zat sing ora berbahaya kanggo lingkungan. Para ahli ya nyaranké bèn wong-wong isa luwih kerep numpak sepédha utawa mlaku, timbang numpak kendaraan. Terus pas ing omah ya aja nganti boros banyu, listrik, utawa gas.

Ing beberapa negara ana pamréntah sing ngekèki rakyaté kompor modèrn sing tujuané kanggo ngurangi polusi udara. Tapi sayangé, ana akèh sing durung isa éntuk kuwi.

Tapi kabèh kuwi isih durung cukup. Buktiné, taun 2022 ana kesimpulan saka laporan sing digawé beberapa organisasi internasional termasuk WHO lan Bank Dunia.

Ing laporané disebutké nèk ing taun 2020, sepertelu saka jumlah penduduk sak donya isih nganggo bahan bakar sing marakké polusi udara pas masak. Ing beberapa dhaérah, mung sithik sing isa nduwé kompor sing luwih modèrn utawa nganggo bahan bakar sing ora mencemari udara.

Ing Alkitab Ana Harapan Apa?

”Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, Gusti Allah . . . sing nyiptakké . . . langit, sing nggawé bumi sak isiné, sing mènèhi napas marang manungsa ing bumi.”—Yésaya 42:5.

Gusti Allah wis nyiptakké udara bèn awaké dhéwé isa ambegan. Terus Gusti Allah ya nggawé prosès-prosès alami bèn udarané isa resik dhéwé. Kuwi kabèh bukti nèk Gusti Allah mahakuwasa lan sayang karo kabèh makhluk hidup. Awaké dhéwé dadi yakin nèk Gusti Allah mesthi bakal nggawé udara sing tercemar dadi resik manèh. Deloken artikel ”Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak”.