Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pembuka

Pembuka

12 Cara Bèn Keluarga Bahagia

Ana akèh keluarga sing berantakan. Nah, piyé carané bèn keluargané njenengan bahagia?

  • Antara taun 1990 nganti 2015, ing Amerika Serikat, jumlah pasangan sing pegatan sing umuré 50 wis meningkat dua kali lipat, terus sing umuré 65 wis meningkat tiga kali lipat.

  • Ana ahli sing ngomong nèk wong tuwa kudu kerep muji anaké, tapi ya ana sing ngomong nèk wong tuwa kudu tegas karo anaké. Akhiré akèh wong tuwa padha bingung.

  • Akèh cah enom saiki ora diajari bèn dadi wong sing bertanggung jawab.

Tapi sakjané . . .

  • Suami istri isa terus bahagia lan langgeng.

  • Wong tuwa isa tetep sayang karo anaké, tapi ya tetep tegas.

  • Cah enom isa belajar dadi wong sing bertanggung jawab.

Carané piyé? Ing majalah iki ana 12 cara bèn keluarga bahagia.