Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Perlu Ngajari Liyané?

Apa Panjenengan Perlu Ngajari Liyané?

”Piwulang kang becik . . . dakwènèhaké marang kowé.”​—WB. 4:2.

LAGU: 45, 44

1, 2. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nglatih liyané nindakké tugas ing jemaat?

YÉSUS ngupaya tenanan martakké Kratoné Gusti Allah. Yésus uga nggunakké akèh wektu ngajari murid-muridé kanggo mulang lan ngopèni umaté Gusti Allah. Para muridé mau sinau carané dadi kaya wong sing angon wedhus. (Mt. 10:5-7) Filipus sibuk banget nginjil, ning tetep ngajari anak-anaké wédok bèn nindakké sing padha. (PR. 21:8, 9) Saiki, awaké dhéwé uga perlu ngajari liyané. Apa sebabé?

2 Ing jemaat-jemaat sakdonya, akèh wong anyar sing durung dibaptis lan perlu dilatih. Awaké dhéwé kudu mbantu wong-wong kuwi bèn ngerti paédahé maca lan sinau Alkitab dhéwé. Awaké dhéwé perlu ngajari carané nginjil lan mulang Alkitab. Sedulur-sedulur lanang sing bar dibaptis perlu dilatih bèn isa dadi abdiné jemaat lan pinituwa. Kabèh sedulur ing jemaat isa ngupaya mbantu wong anyar.​—WB. 4:2.

AJARANA WONG ANYAR CARANÉ SINAU ALKITAB DHÉWÉ

3, 4. (a) Piyé Paulus nduduhké nèk sinau Alkitab dhéwé isa mbantu dadi luwih trampil nginjil? (b) Sakdurungé ngandhani sing sinau Alkitab bab pentingé sinau Alkitab dhéwé, apa sing kudu ditindakké dhisik?

3 Saben abdiné Yéhuwah perlu maca lan sinau Alkitab bèn ngerti kersané Gusti Allah. Rasul Paulus kandha marang para sedulur ing Kolosé, ”Ora pegat anggonku ndongakaké kowé. Kang daksuwun supaya kowé kaparingana sakabèhing kawicaksanan lan kawruh.” Apa sebabé penting banget kanggo wong-wong Kolosé maca lan sinau Alkitab? Merga kuwi isa nggawé wong-wong mau wicaksana lan ngerti nèk ’uripé . . . ing ngarsané bisa kalawan sapatuté lan ndadèkaké keparengé tumrap sadhéngah prakara’. Uga, isa mbantu nindakké ”sakabèhing panggawé becik” sing dikersakké Yéhuwah, kususé kanggo martakké kabar apik. (Kl. 1:9, 10) Mula, wektu mulang wong liya, awaké dhéwé perlu mbantu dhèwèké ngerti nèk ajeg maca lan sinau Alkitab kuwi ana paédahé kanggo ngabdi marang Yéhuwah.

4 Awaké dhéwé ora isa mbantu wong sing sinau Alkitab ngerti pentingé sinau Alkitab dhéwé, nèk awaké dhéwé ora tau nindakké kuwi. Nèk ajeg maca lan mikirke tenanan Alkitab, kuwi isa mbantu urip lan nginjilé awaké dhéwé. Contoné, wektu nginjil lan ana sing ngekèki pitakonan sing angèl, awaké dhéwé isa njawab nggunakké Alkitab. Utawa, merga maca pengalamané Yésus, Paulus, lan liyané sing ora nyerah wektu nginjil, awaké dhéwé bakal wani lan terus nginjil senajan ora gampang. Lan, wektu nduduhké apa sing disinaoni saka Alkitab lan paédahé, awaké dhéwé mbokmenawa isa nyemangati sing sinau bèn gelem sinau luwih akèh lan éntuk paédah sing padha.

5. Saran-saran apa sing isa mbantu wong anyar bèn isa ajeg sinau Alkitab dhéwé?

5 Coba dipikir, ’Piyé carané aku ngajari wong sing sinau Alkitab bèn ajeg sinau Alkitab dhéwé?’ Mbokmenawa panjenengan isa nduduhké carané persiapan buku sing dinggo sinau Alkitab. Uga, ngongkon dhèwèké maca bagéan cathetan ing buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? lan ayat sing disebutké ing kono. Banjur, panjenengan isa nduduhké carané persiapan kanggo pakumpulan ibadah bèn isa mèlu urun rembug. Dhèwèké disemangati bèn maca majalah Warta Penting lan Sadarlah! Panjenengan uga isa nduduhké carané nggolèki jawaban nèk ana pitakonan bab Alkitab, contoné, isa nggolèki nganggo Watchtower Library utawa PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting. Nèk nganggo cara-cara mau, wong sing sinau Alkitab bakal seneng lan péngin ngerti luwih akèh.

6. (a) Piyé carané mbantu wong sing sinau Alkitab bèn saya seneng sinau Alkitab dhéwé? (b) Nèk seneng sinau, apa sing bakal ditindakké wong sing sinau Alkitab?

6 Wektu mulang, awaké dhéwé péngin wong sing sinau Alkitab ngerti nèk Alkitab kuwi aji banget merga isa mbantu luwih kenal Yéhuwah. Timbang meksa wong kuwi sinau Alkitab dhéwé, awaké dhéwé isa nduduhké carané bèn seneng wektu sinau. Saya akèh sinau, dhèwèké bakal saya ngerti sing dirasakké wong sing nulis buku Jabur, sing kandha, ”Kawula remen celak kaliyan Gusti Allah; Pangéran Allah ingkang kawula anggep dados pangayoman kawula.” (Ms. 73:28) Roh suciné Yéhuwah bakal mbantu sapa waé sing péngin cedhak marang Yéhuwah.

AJARANA WONG ANYAR NGINJIL LAN MULANG

7. Piyé carané Yésus ngajari para muridé nginjil? (Deloken gambar ing kaca 21.)

7 Awaké dhéwé isa niru carané Yésus ngajari para muridé. Yésus ngajak para muridé nginjil, lan wong-wong kuwi nggatèkké carané Yésus mulang wong liya. Yésus uga mènèhi tuntunan kusus bab carané nginjil. (Mt., bab 10) [1] (Deloken katrangan ing kaca 26.) Ora let suwé, para muridé isa niru carané Yésus mulang Alkitab marang wong liya. (Mt. 11:1) Gatèkna rong bab carané ngajari wong anyar nginjil.

8, 9. (a) Piyé carané Yésus ngajak omong wong wektu nginjil? (b) Piyé carané awaké dhéwé mbantu wong anyar bèn isa niru Yésus wektu ngajak omong wong liya?

8 Ajaken omong wong liya. Yésus ora mesthi ngomong ing ngarepé wong akèh. Kerep-kerepé Yésus ngomong karo wong siji, lan carané ngomong nyenengké. Contoné, Yésus ngajak omong wong wédok sing lagi nimba ing sumur ing cedhaké kutha Sikhar. (Yo. 4:5-30) Yésus uga ngajak omong Matéus Lèwi, pegawai pajeg, lan ngajak dhèwèké dadi muridé. Matéus gelem, banjur ngundang Yésus lan liyané mangan ing omahé. Ing kono, Yésus ngomong karo wong akèh.​—Mt. 9:9; Lk. 5:27-39.

Nèk ngomong nganggo cara sing nyenengké, wong-wong dadi luwih péngin ngrungokké omongané awaké dhéwé

9 Yésus uga ngomong nganggo cara sing nyenengké karo Natanaèl, senajan Natanaèl ngèlèk-èlèk wong Nasarèt. Merga Yésus ngomong nganggo cara sing nyenengké, Natanaèl dadi ora mikir èlèk manèh bab Yésus, sing asalé saka Nasarèt. Natanaèl malah dadi péngin sinau luwih akèh saka Yésus. (Yo. 1:46-51) Awaké dhéwé isa niru contoné Yésus. Nèk ngomong nganggo cara sing nyenengké, wong-wong dadi luwih péngin ngrungokké omongané awaké dhéwé. [2] [Deloken katrangan ing kaca 26.] Nèk wong anyar diajari ngomong nganggo cara sing nyenengké, dhèwèké dadi luwih seneng nginjil.

10-12. (a) Piyé carané Yésus mbantu wong-wong sing tanggepané apik wektu nginjil? (b) Piyé carané ngajari wong anyar bèn isa luwih trampil mulang Alkitab?

10 Wulangen sing gelem ngrungokké. Yésus sibuk banget. Ning, wektu ana wong-wong sing gelem ngrungokké, Yésus nyedhiyakké wektu lan mulang wong-wong kuwi. Contoné, ana kumpulan wong akèh ing pantai ngrungokké Yésus. Yésus karo Pétrus numpak prau, lan Yésus mulang wong akèh kuwi saka prau. Yésus uga mulang Pétrus. Yésus nggawé mukjijat nyedhiyakké akèh banget iwak sing isa dijaring Pétrus. Yésus banjur kandha marang Pétrus, ”Wiwit saiki kowé bakal Dakdadèkaké tukang njala wong.” Banjur, Pétrus lan kanca-kancané minggirké prauné lan ”padha ninggal samubarang kabèh, sarta ndhèrèk Gusti Yésus”.​—Lk. 5:1-11, Basa Jawi Padintenan (BJP).

11 Nikodhémus uga péngin sinau luwih akèh saka Yésus. Ning merga anggotané Sanhèdrin, dhèwèké wedi konangan wong liya nèk omong-omongan karo Yésus. Dadi, Nikodhémus nekani Yésus ing wayah wengi. Yésus ora ngusir Nikodhémus ning malah nyedhiyakké wektu kanggo ngrembug Alkitab. (Yo. 3:1, 2) Yésus mesthi gelem nggunakké wektu kanggo mulang wong liya bab Alkitab lan nguwatké imané wong kuwi. Semono uga, awaké dhéwé kudu gelem nekani wong-wong ing wektu sing cocog, lan perlu nyedhiyakké wektu kanggo mbantu liyané sinau Alkitab.

12 Wektu nginjil karo wong anyar, awaké dhéwé isa ngajari wong kuwi marani manèh wong sing tanggepané apik wektu awaké dhéwé nginjil karo dhèwèké. Uga isa ngajak wong kuwi wektu awaké dhéwé marani manèh lan mulang Alkitab. Nganggo cara-cara iki, wong anyar isa sinau carané mulang lan paédahé mbantu wong liya sinau bab Yéhuwah. Hasilé, wong anyar isa semangat marani manèh lan mulang Alkitab. Wong anyar uga isa luwih sabar lan ora cepet nyerah wektu ora ketemu wong ing omah.​—Gl. 5:22; deloken kothak ” Dhèwèké Terus Ngupaya”.

AJARANA WONG ANYAR MBANTU PARA SEDULUR LIYANÉ

13, 14. (a) Apa tanggepan panjenengan bab wong-wong ing Alkitab sing gelem mbantu sedulur liyané? (b) Piyé carané ngajari wong anyar lan cah enom bèn nduduhké tresna marang para sedulur liyané?

13 Yéhuwah péngin para abdiné nresnani lan mbantu siji lan sijiné. (Wacanen Lukas 22:24-27; 1 Pétrus 1:22.) Alkitab crita nèk Yésus ngurbanké apa waé, klebu uripé, kanggo mbantu liyané. (Mt. 20:28) Dorkas ”akèh banget panggawéné becik lan anggoné dedana”. (PR. 9:36, 39) Maria ”wis nyambut-gawé akèh” kanggo para sedulur ing Rum. (Rm. 16:6, BJP) Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu wong anyar ngerti pentingé mbantu sedulur liya?

Ngajari wong anyar bèn nresnani lan mbantu para sedulur liya (Deloken paragraf 13, 14)

14 Awaké dhéwé isa ngajak wong anyar marani sedulur sing wis tuwa utawa lara. Wektu wong tuwa marani sedulur sing kahanané kaya ngono, nèk cocog isa ngajak anaké. Para pinituwa isa ngajak cah enom utawa wong anyar bèn mèlu nyedhiyakké panganan utawa ndandani omahé sedulur sing wis tuwa. Wektu cah enom lan wong anyar nggatèkké para sedulur padha nresnani siji lan sijiné, kuwi bakal ditiru. Ana pengalamané pinituwa sing wektu nginjil ing dhaérah plosok, dhèwèké ajeg marani sedulur liyané sing manggon ing kono merga péngin ngerti kahanané. Sedulur enom sing kerep mèlu pinituwa kuwi niru tuladhané lan mikirké carané mbantu para sedulur liyané.​—Rm. 12:10.

15. Apa sebabé para pinituwa kudu mbantu para sedulur lanang ing jemaat?

15 Yéhuwah mènèhi tanggung jawab wong lanang kanggo mulang Alkitab wektu ceramah ing jemaat. Mula, sedulur lanang kudu ngupaya bèn isa ceramah luwih apik. Nèk panjenengan pinituwa, mbokmenawa panjenengan isa ngrungokké abdiné jemaat sing lagi latihan ceramah lan mbantu supaya luwih apik manèh. (Ny. 8:9) [3]—Deloken katrangan ing kaca 26.

16, 17. (a) Piyé carané Paulus nglatih Timotéus bèn dadi luwih trampil? (b) Piyé carané pinituwa nglatih sedulur liya bèn isa dadi pinituwa ing jemaat?

16 Dibutuhké luwih akèh sedulur lanang sing isa dilatih dadi pinituwa ing jemaat. Paulus nglatih Timotéus lan ngongkon Timotéus nglatih liyané. Paulus kandha, ”Disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Gusti Kristus Yésus. Apa kang wus kokrungu saka aku ana ing sangarepé seksi akèh iku pitayakna marang wong-wong kang padha bisa dipracaya, kang uga bisa mulang marang wong liya.” (2 Tm. 2: 1, 2) Timotéus sinau akèh saka Paulus, sing dadi pinituwa lan rasul. Timotéus sinau saka Paulus carané bèn luwih trampil nginjil lan mbantu sedulur liyané ing jemaat.​—2 Tm. 3:10-12.

17 Paulus nggunakké akèh wektu kanggo nglatih Timotéus merga péngin Timotéus dadi luwih trampil. (PR. 16:1-5) Para pinituwa isa niru Paulus wektu ngajak abdiné jemaat sing cocog kanggo angon jemaat. Cara iki isa mbantu abdiné jemaat niru para pinituwa carané mulang, sabar lan nresnani, sarta ngendelké Yéhuwah wektu ngopèni jemaat.​—1 Pt. 5:2.

PENTINGÉ NGAJARI LIYANÉ

18. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngajari liyané?

18 Ing dina-dina pungkasan, ana akèh wong anyar sing kudu diajari bèn luwih trampil nginjil. Uga, dibutuhké para sedulur lanang bèn isa ngopèni jemaat. Yéhuwah péngin kabèh abdiné diajari tenanan, lan uga mènèhi awaké dhéwé kaurmatan kanggo ngajari wong anyar. Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan ngajari liyané, kaya sing ditindakké Yésus lan Paulus, merga isih ana akèh gawéan nginjil sing kudu ditindakké sakdurungé Armagédhon teka.

19. Apa sebabé panjenengan isa yakin nèk upaya kanggo ngajari liyané bakal ana hasilé?

19 Ngajari wong anyar butuh wektu lan upaya. Ning, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah lan Yésus bakal mbantu awaké dhéwé ngajari liyané nganggo cara sing cocog. Awaké dhéwé bakal seneng nèk sing diajari padha ngupaya tenanan ing jemaat utawa wektu nginjil. (1 Tm. 4:10) Ning, awaké dhéwé uga perlu terus ngupaya tenanan ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh, nduwé sipat-sipat sing cocog karo Alkitab, lan saya cedhak marang Yéhuwah.

^ [1] (paragraf 7) Contoné, Yésus mulang para muridé carané (1) nginjil; (2) percaya nèk Yéhuwah bakal nyedhiyakké pangan lan sandhang sing dibutuhké; (3) bèn ora padu; (4) bèn tetep percaya karo Yéhuwah senajan dianiaya; lan (5) bèn ora wedi karo apa sing mbokmenawa ditindakké wong liya marang para murid kuwi.

^ [2] (paragraf 9) Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis, kaca 62-64, mènèhi saran-saran apik kanggo ngajak omong wektu nginjil.

^ [3] (paragraf 15) Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis, kaca 52-61, nerangké carané bèn para sedulur lanang isa ceramah luwih apik ing jemaat.